Kamis, 14 Maret 2013

Makhluk Tuhan yang Paling Nggatheli


Dino iki Boy mlebu kuliah pertama kaline. Kit mau macak nang ngarepe koco ndek kamare gak mari-mari. Mekitik ancene, atase pertama kuliah ae, gayane koyok yok-yok-o.
“Cuk, ancene ngganteng aku iki tibake,” jarene de’e dhewe, ambek ngelus-elus rambute. Koyok asu! Ngelem awake dhewe…
“Bah...Mik…aku budhal, salamlekom…!” pamite nang Abah ambek Umik.
“Iyo, le…,” saut Umik, “Bah, dipamiti anakmu iko lo…mbidheg ae!”
“Boyo iku nek budhal gak tau… pamit wong tuwane,” jare Abah.
“Iko lo..areke sik tas pamit!” sentak Umik.
“Wong pamit garek cangkeme mangap ae opo angele, se?” jare Abah maneh.
“Oalah…ancene budheg! Percuma ae ngomong sampek lambe mrongos, kono gak krungu opo-opo!” sambat Umik, “Wis, emboh tak nang salon ae, manicure pedicure…”

Boy markir Tigere nang ngisore wit sono ngarepe fakultas ekonomi. Arek iku sik tas ketrimo nang jurusan manajemen Universitas Karang Menjangan nang Suroboyo. Terkenal lo universitas iku. Mangkane de’e guaya saiki.
Kelas wis dimulai, Boy sik tas mlebu ruangan. Arek sakkelas ndeloki kabeh. Dosene opo maneh, ndeloki ambek mecucu cangkeme.
“Oalah mas…hari pertama kuliah sudah telat. Sana duduk!” sentak dosene.
“Duduk dimana, Pak?” takok Boy.
“Nang kene lo…”jare dosene karo nduding bolongane irunge. “Terserah kamu mau duduk di mana.”
Boy langsung lungguh nggolek kursi sing kosong.
“Nama saya Joko, kalian boleh panggil saya Pak Joko. Saya mengajar mata kuliah Pengantar Bisnis,” jare dosen iku. “Sekarang saya ingin kenal dengan kalian juga. Ayo, yang tadi telat, siapa nama kamu?”
“Saya, ta Pak?” takok Boy ambek tolah toleh kiwo tengen.
“Iya, yang telat kan kamu!” Pak Joko rodok emosi jiwa.
“Lho, yang lain gak ada yang telat, ta? Masak cumak saya?”
“IYA, KAMU THOK YANG TELAT!” Pak Joko wis muntap.
“Ya sudah…Saya akan mulai…maaf, saya tadi disuruh apa?”
“Perkenalkan dirimu, cuuuk…..!” Pak Joko njambaki rambute dhewe, stres de’e ndelok kelakuane Boy.
“Nama saya Boyo, tapi panggil aja Boy. Sebenarnya nama saya Prabowo, tapi gara-gara petugas yang nyatat akte kelahiran saya itu guoblok, kliru nulis Praboyo di akte, akhirnya rapot saya pas SD sampe ijazah SMA saya ya pakek nama Praboyo. Padahal sumpah, nama asli saya itu Prabowo, kalo gak percaya tanya aja sama Abah atau Umik saya,” jare Boy panjang lebar.
“Bah boyo, bah bajul, bah nyambek, urusanmu, cuk!” Pak Joko mulai ngomong karo nyekeli ndhase, ”Ndak tau, tiba-tiba hari ini saya gak mood ngajar…Gini aja untuk bab satu ini kalian saya beri tugas buat ringkasannya, dibuat satu kelompok dua orang. Nomer absen satu dengan nomer absen dua, tiga dengan empat, dan seterusnya. Minggu depan dikumpulkan!”
“Dikumpulkan dimana, Pak?” takok Boy.
“Nang kene lo…” Pak Joko nduding bolongane irunge maneh.
“Lho, kuliah sudah selesai, ta?” takok Boy.
Pak Joko gak njawab, cumak ngombe banyu putih, trus nyumet rokok ambek metu ruangan. Cangkeme sik mecucu ae.

Boy nyangklong tase metu nang nggone kantin. Ate moleh yo males, engkok onok kuliah maneh jam siji awan. Nang kantin ae wis.
“Bulik, mangane opo?” takok Boy nang Bu Kantin.
“Bulik mattamu yo…Kapan kawin ambek Paklikmu?” semprot bakule. Jenenge Mbak Pat.
“Kerenge…Wis gak ayu…jahat pisan,”jare Boy.
“Babah ta, masio gak ayu sing penting lak wis payu,” jare Mbak Pat.
“Endel! Mangane opo ae? wetengku wis kaliren iki lo, cuk!”
“Pecel, rawon, lodeh,” saut Mbak Pat.
“Ndeso, cuk! Iki lho kantin fakultas ekonomi universitas paling get sak-Suroboyo, dodolane kok gak keren blas,” jare Boy.
“Nyocot ae! Mangan ta gak?” Mbak Pat mulai gregeten.
“Yo wis, sego pecel dikeki duduh rawon, gak athek kangkung, sambele pinggirno, peyek kacang ae, iwake empal, kek-ono bali tahu, segone tambahono, cuk!” Boy mulai rewel.
“Tak banting temen piring iki,” Mbak Pat ancang-ancang ate mbanting piring nang tangane, “Garek mbadhog ae rewele koyok prawan ate manak!”
“Ngombene es teh, ojok legi-legi, es batune thithik ae, gak usah sedotan.”
“CUK!” Mbak Pat stress.

Moro-moro tekok mburi pundhake Boy dijawil wong. “Eh, jaran!” Boy kaget terus noleh nang sing njawil de’e. Arek iku ancen koyok asu, kagetan, latah pisan.
“Eh, maaf, nama kamu Boyo kan? Praboyo kan?” takok arek wedok sing njawil Boy mau.
“Iya, bener, tapi panggil aku Boy aja. Kok tau nama saya? Wah, resiko jadi orang ngganteng ya, baru pertama masuk kuliah, wis terkenal,” Boy mulai mekitik.
“Rai Gedheg,” gremeng Mbak Pat.
“Enggak, aku lihat nama kamu di absensi, kita satu kelompok buat tugasnya Pak Joko. Eh, iya, namaku Prita,” jare cewek iku ambek ngekekno tangane ngajak kenalan.
“Boy,” jare Boy ambek nyaut tangane cewek iku. “Cuk, tangane alus, cak!” batine Boy.
Wis, ojok suwi-suwi
salamane…Kesempatan…”jare Mbak Pat.
“Boy, kalau mau ke Hotel Garden Palace naik angkot yang mana ya?” takok Prita.
“Lapo, eh ngapain ke hotel?” Boy mikir macem-macem. Mosok sik tas kenal wis ngajak check-in? Resiko wong ngganteng, pikire…Areke ayu pisan. Boy wis kemrengseng, nggoceki slerekane.
“Enggak…aku kan dari Bandung, di sini belum dapet kos-kosan. Jadi sementara ini tinggal di hotel dulu. Naik jurusan mana ya Boy?”
“O…Tak pikir ate ngajak…Gini aja, gak usah naik angkot, tak anterin aja naik sepeda motorku ya? Sebentar…” Boy mlayu njupuk Tigere.
“Gak usah Boy…!” Prita karepe nolak. Tapi Boy wis mlayu adoh.
“Hati-hati, mbak…Jangan mudah percaya sama orang yang baru kenal. Ini Surabaya, mbak. Kota Buaya!” Mbak Pat mulai menghasut ambek nyuntek duduhe rawon nang sego pecele Boy.
“Ayo…!” bengok Boy tekok Tigere.
“Lho, nggak pake helm, Boy?” takok Prita.
“Gak usah, deket aja kok, lagian Pak Polisi kan Sahabat Anak?”
“Boyo…segomu iki yok opo?” bengok Mbak Pat.
“Gak sido, panganen dhewe!” jare Boy ambek ngegas Tigere banter.
“Asu iku…!” semprot Mbak Pat.

Pirang ndino kuliah, Boy wis nduwe konco akeh. Onok sing jenenge Soni, Angga, karo Kosim. Soni iku arek Malang. Senengane mbalonan, ngajak nang Dolly terus…Sampek konco-koncone sumpek kabeh. “Cepitno lawang kono lo, nek sik gatel ae!” jare konco-koncone.
Nek Angga iku arek Suroboyo koyok Boy. Areke dhukur, pinter main basket. Pas SMA biyen jarene tau menang basket trus dikirim nang luar negeri. Asline se yo gak pinter-pinter nemen, wong tuwane ae sing sugih. Dhuwike akeh, cuk!
Sing Kosim iku arek Meduro. Kos nang daerah Gubeng Kertajaya. Senengane mendem. Alcoholic pol. Wong kadang-kadang nek pas kebelet, de’e tuku alkohol 70% nang apotek daerah Dharmawangsa trus diombe dicampur nutrisari. Ancene wong gendeng.
“Nang endi iki, rek? Kuliah maneh engkok jam papat sore, sik suwi,” takok Boy nang konco-koncone.”Mosok nang kantin kene sampek engkok sore? Males, cak! Bakule lo raino gak isok didelok, saking eleke.”
“Nang Dolly ae, Boy, awan ngene sik tutup ta?” takok Soni.
“Cuk, raimu mbalon thok ae. Males-males, budhalo dhewe!” sentak Boy.
“Aku gak onok sepeda, Boy, nyilih Tigermu yo?” rayu Soni.
“Emoh! Engkok tonggoku liwat kono, pas ndelok sepedaku dipikir aku mbalon, matek aku. Mari ngono dikandakno Abahku, tepak wis…gak oleh sangu temen aku,” jare Boy.
“Trus nang endi lo, sik yah mene lo Boy,” takok Angga.
“Nang kantin kene ae lho ambek mangan-mangan jajan,” Mbak Pat melok nyauti, koyok nyaut pemean.
“Nyaut ae gak dijak ngomong!” sentak Boy.
“Ya iya lah, masa ya iya dong. Mulan aja Jamilah bukan Jamidong. Secara gitu loh,” jare Mbak Pat tiru-tiru arek gaul.
“Cuk, wis tuwek ae gayane koyok arek ABG. Ate bongko ae kakean model,” tambah Boy.
“Suka-suka gua dong, Emang Gue Pikirin,” jare Mbak Pat koyok Maia Ratu ambek mbenakno bulu mata palsune sing ate rontok.
“Cangkruk nang nggone Cak-Cuk ae, rek! Nang Dharmawangsa kono lo, cidhek kok,” jare Boy.
“Kenengan napa neka, Boy ( panggonan opo iku, Boy )?” takok Kosim.
“Ojok nggawe boso Meduro ta, cuk! Aku lo gak eruh artine,” jare Boy.
“Artinya tempat apa itu, rek?” jelas Kosim.
“Toko koyok distro ngono, tapi kaose desaine tentang Suroboyo thok. Pokoke lucu-lucu, ngguatheli pol. Suroboyoan temen,” jelas Boy.
“Iyo, aku yo tau tuku ambek adikku nang Balai Pemuda, tulisane Surabaya Kota Pahlawan, tapi gambare Super Hero koyok Superman, Batman, Spiderman. Lucu, cuk!” jare Angga.
“Kon tukuo sing gambare Patung Dolyberty ae Son, cocok! Raimu lak sering nang Doly se, he…he…he…,” Boy ngguyu kemekelen.
(Asline pas bagian iki aku males nulise, soale bermuatan sponsor alias iklan. Tapi yok opo maneh, namanya juga sponsor, ya harus dimuat)

Moro-moro sak durunge arek-arek budhal nang counter-e Cak-Cuk, onok arek wedok nyeluk Boy.
“Boy, kamu mau kemana? Tugasnya Pak Joko udah dikerjain belum? Besok pagi dikumpulin lo, Boy!” bengok Prita.
“Oh, iyo…lali aku, cuk! Dikerjain sekarang aja, mumpung lagi gak ada kuliah, gimana?” takok Boy.
“Ya udah, dikerjain diamana?”
“Di sini saja, mbak…sambil makan-makan jajanan saya,” towo Mbak Pat ambek nyumet rokok nang lambene. “Ada ote-ote, klepon, tempe menjes, petisnya gratis lo.”
“Kita kerjain di perpus aja ya, kamu jangan dekat-dekat dia, ntar ketularan jelek, ayo,” ajak Boy.
“Asu! Raimu lo yo gak ngganteng-ngganteng temen!” amuk Mbak Pat.
“Gak ngganteng yok opo se? Christian Sugiono lo, nek ketemu aku mesti kaget. Pikire, “lho, aku nduwe saudara kembar ta? Kok onok sing persis aku?”
“Saudara kembar dari Hongkong…” Mbak Pat nggak ndelok ambek nyedot rokoke.
“Sik, rek, yo, aku onok perlu iki,” pamit Boy nang arek-arek.
Soni, Angga, karo Kosim cumak ngowo thok.

Nang perpustakaan akeh mahasiswa sing lagi diskusi pisan, mboh gak eruh nggarap opo. Sok repot nyathet iki iku. Tapi sing gendaan yo akeh. Alasane sinau, asline yo rempon thok. Boy ambek Prita lungguh dhep-dhepan nang pojok cidhek cendelo. Prita ngetokno kathoke, eh, maksude laptop-e.
“Boy, dikerjainnya langsung di laptop aja, ya. Ntar diprint-nya di rental sekitar kampus, biar besok tinggal dikumpulin aja,” jare Prita karo mbukak kathoke, eh, laptop-e.
“Eh, iya,” jawab Boy. De’e gak konsen nggarap tugas, soale ndeloki wajahe Prita terus ambek mbayangno, Cuk, ayune, irunge mbangir, idepe malik, rambute lurus…Arek iki wis duwe pacar durung yo? Mosok durung-durung wis takok nduwe pacar ta gak? Isin, cak! Koyok wong crongoan ae.
“Boy, mikirin apa, kok bengong aja?” jare Prita.
“Eh, oh, enggak, gak mikirin apa-apa kok,” Boy kisinan dhewe.
“Ini, definisinya menurut buku ini kayaknya terlalu panjang, kita ringkas aja Boy, biar lebih padat.”
“Iya, lebih padat, lebih besar, saya suka,” jawab Boy.
“Maksud lo?” Prita bingung.
“Aduh, maksudku…gak ada maksud apa-apa sih,” Boy ngowo thok.
“Kamu lagi gak konsen ya, Boy?”
“Iya, aku kalo lagi lapar biasanya gak bisa mikir,” alasan Boy.
“Ya udah, aku aja yang ngerjain, tapi kamu yang ngeprint ama buat covernya, ya? Ntar malam ambil di kosanku ya.”
“Oke, nanti takprint di rumahku aja,” jawab Boy langsung mlayu metu, keluwen. Tapi gak suwe de’e mbalik maneh.
“Eh, sori, alamat kosmu dimana ya? Mosok datang ke kosmu tapi gak tau tempatnya? Sama nomer Hpmu, kali aja aku perlu,” jare Boy.
“Nih,” Prita nulis alamat ambek nomer HPne nang kertas cilik.
“Thanx,” Boy mlayu metu. Tapi gak suwe de’e mbalik maneh.
“Eh, sori, kamu mau ikut makan gak, aku mau cari makan nih,” ajak Boy.
“Nggak deh Boy, ntar makan di kosan aja,” tolak Prita.
“Ayolah, gak pa-pa. Kamu kan gak pernah makan makanan Surabaya yang aneh-aneh? Sekarang tak ajak wisata kuliner, ayo selak kaliren perutku.”

Boy ngejak Prita mangan lontong balap nang daerah Kranggan.
“Kamu gak papa ta, takgonceng naik sepeda motor?” takok Boy.
“Nggak pa-pa, Boy, emang kenapa?”
“Enggak…Surabaya kan panas, gak kayak di Bandung.”
“Iya,sih…Panas banget, tapi gak pa-pa kok Boy.”
“Jelas ae gak po-po, wong digonceng wong ngganteng koyok Christian Sugiono,” batin Boy, mulai metu mekitike. Koyok asu ancene!

Sing dodol lontong balap wonge gendut, lontonge empuk, kecambahe renyah, wenak pokoke. Jarene sih…Pak Bondan sing nang Wisata Kuliner iku tau soting nang kene.
“Ya ini namanya lontong balap, Prit, pake sate kerang, wah tambah sip,” jare Boy ambek njejelno lentho nang cangkemme.
“Sambelnya kok item, Boy?” takok Prita.
“Iyo, soale dicampuri petis. Paklik tambah lonthe, eh lenthone loro!” cangkeme Boy mulai crangapan.
Prita ketokane kaget ambek panganan iki, trus langsung ngombe es degan .
“Gimana, Prit, kamu suka makanan ini, kan? Kamu sudah punya pacar belum? UPPS!” Boy gak sengojo keceplosan ngomong, keselek sampek kecambah nang cangkeme muncrat metu.
“Huk…ehk…,” Prita sing lagi ngombe es degan yo langsung keselek.
“Ups…eh, sori….Waduh….,” Boy salting karepe dewe.
Prita meneng ae ambek ngelapi klambine sing kutahan es degan.
“Eh,… anggep percakapan tadi tidak ada ya, sori Prit…”
Sore iku Boy nang kamare kelesetan ambek lenger-lenger. “Cuk, goblok, ancene aku iki, lapo lo mau ngomong koyok ngono. Asu…asu..! Ngene iki lak Prita maleh gak enak maneh.” Boy misuh-misuh karepe dewe, menyesali kegoblokane.
“Yo… Boyo…iki lho onok gethuk tekok Bulik Yatemi. Gelem, gak? Selak dientekno Abahmu lho!Wong iku nggragas, gak isok ndelok panganan nganggur diluk!” bengok Umik tekok meja makan.
“Emoh…Badhogan gethuk ae dipamerno! Ngrusak body! Dientekno Abah lak uwis,” saut Boy.

Umik mlebu kamare Boy trus takok,”Lapo se, kon kok aras-arasen mangan? Onok masalah nang sekolahan ta?”
“Sekolahan…Kampus!...Ndeso!”
“Lha iyo, le…Opo-o? Gurune kereng-kereng ta?”
“Guru…Dosen!...Ndeso!”
“Lha iyo, dosene nek ngekeki ulangan angel-angel ta?” Umik sek mekso SKSD ( sok kenal sok deket)
“Emboh, emboh, Mik…Tambah ngelu ndhasku.”
“Nek ngelu yo ngombe obat, Yo. Sinau sing sregep, engkok nek males gak munggah lo,” nasehat Umik.
“Oalah…Mik…Kuliah iku gak onok gak munggah, Mik!” Boy mulai jengkel.
“Lho, nek males, nek goblok…yo gak diunggahno karo guru, eh dosene.”
“Emboh…Aku metu disek…Salamlekom,” jare Boy langsung nyaut jakete. Ndhase mumet wisan.
“Arek iku ancen angel kandanane. Engkok nek gak munggah temen yok opo,” sambate Umik,”Wis emboh, tak main PS ae.”

Boy mlayokno Tigere nang tengah kota. Pas liwat Taman Bungkul kan akeh arek gendaan, de’e eling Prita. Oh, iyo aku lak janji ate njupuk garapan Penis-e Pak Joko (maksude Pengantar Bisnis). Bengi iki diprint, mene isuk dikumpulno.
Langsung ae Tigere digas nang daerah Kertajaya, kosane Prita. Tapi tekok ngarep kosane Prita, Boy kaget, trus ndelik nang mburi wit pelem, wedi ketemon.
Lho, kok onok polisi…Onok grebegan ta? Paling sabu-sabu…opo kumpul kebo. Atau judi togel? Ah, mosok se? Lho, polisine kok ngobrol karo Prita. Ojok-ojok…Prita iku Bandar SS, atau balon? Atau pengepul togel?
Boy pasang mata pasang telinga. Ambegane mlebu irung metu silit, saking ndredhege. De’e pengen eruh lapo kok Prita ditangkep polisi. Tapi kok polisine ijenan gak onok koncone, yo?
Lho, cuk, kok tangane polisi iku nyekel pipine Prita? Lho kok Prita dielus-elus rambute meneng ae…trus diambung bathuke. Boy tambah bingung. Ojok-ojok…
Dengkule Boy moro-moro kemlothak lemes. Njerone ati de’e misuh-misuh.
“Jancuk…”
“Asu…”
“Nggatheli…”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar