Kamis, 14 Maret 2013

Makhluk Tuhan yang Paling Nggatheli 3


Mari kuliah Pengamen (Pengantar Manajemen) Boy ambek geng-e, yoiku Angga, Soni, karo Kosim cangkruk nang kantine Mbak Pat. Ate cangkruk nang endi maneh? Nang perpustakaan, pikire mahasiswa liane: “Gak salah, ta? Ketemplekan setan endi bangsat-bangsat iki mlebu nang perpus?” jare mahasiswa liane karo ngucek-ngucek matane.
Kate cangkruk nang mesjid, arek-arek SKI karo takmir mesjid wis mbatin “ Masya Allah…Astaghfirullah…mesjid kok ate digawe mabuk…”
Kate cangkruk nang parkiran, dipikir ate nyolong helm. Malah Kosim ndhase dicantoli arek helm.
“Eh, sori Mas, tak pikir sampean mau cantolane penitipan helm. Eh, tibake menungso...” jarene.
“Patek celeng!” sentak Kosim
“Mangkane ta Sim, nduwe rai elek iku ojok dideleh sembarangan. Yo gak salah nek mas iki mikir ndasmu cantolane helm, ancen modelmu lo koyok pekakas, gak koyok menungso umum,” Boy mbelani arek mau. Kosim mecucu thok ae.
Akhire yo yo-opo maneh, gelem gak gelem yo nang warunge Mbak Pat.
“Mampir…yo mampir…” jare Mbak Pat karo mbenakno kutange. Arek-arek langsung mutah-mutah. Kutange lo, cak, bolong-bolong akeh penitine. Taline rantas kathik akeh bolote. Nggilani, cak.
“Ayo, cabut, rek! Ndelok raine wong iki, wetengku langsung kebelet ngising,” ajak Boy.
“Minggato-minggato…Gak duwe duwik ae cangkruk nang kafeku,” jare Mbak Pat.
“Kafe gathel ta…Triplek-e ditrombol tikus ae rubuh, kathik ngaku-ngaku kafe,” bales Boy.

Akhire arek-arek cangkruk nang toko kaos Cak-Cuk nang daerah Dharmawangsa.
“Opo iki, mbak?” Soni takok nang SPG-ne.
“Kertas, mas…” jare SPG-ne
“Wis ngerti, mbak…sopo ngarani iki gedebog! Maksudku iki formulir opo?” Soni takok karo mangkel.
“Wis ta lah, mas…sampean gak mungkin isok,” jare SPG iku nggregetno.
“Jasiiit…aku iki cumak takok, IKI FORMULIR OPO….?” Soni rodok emosi.
“Formulir lomba Cak dan Ning. Sing melok lo ayu-ayu karo ngganteng-ngganteng. Wajah sampean lo gak jelas…antara vespa ambek matic,” jare SPG-ne.
“Mbok kiro iki sepeda motor?” Soni gregeten.
“Wis ta lah, Son…koen ambek Kosim ancen gak isok melok lomba iki. Pertama wis jelas, raimu karo raine Kosim lumayan rusak. Kedua, sing melok lomba iki kudu wong sing KTP-ne Suroboyo. KTP-mu lo Malang, Kosim tambah gak jelas…nang endi-endi sing didudokno malah kartu Gaskin, Keluarga Miskin! LANJUTKAN!” jelas Boy.
“Gaskin matamu, Boy!” jare Kosim.
Moro-moro Anya karo Prita mlebu nang toko.
“Lho, lapo nang kene, rek?” takok Anya.
“Gak lapo-lapo, ndelok-ndelok kaos. Koen lapo?” takok Angga.
“Ate njupuk formulir lomba Cak dan Ning!” jare Anya.
“Koen ate melok, ta?” takok Angga.
“Iyo, koen melok-o po’o, Ngga! Koen pisan yo, Boy,” jare Anya.
“Emoh, nggilani, cuk,” tolak Boy.
“Eh, goblok, hadiahe lumayan lo Boy,” jare Anya.
“Opo?” takok Boy karo Angga barengan.
“Trophy, dhuwik, karo tiket pesawat nang Bali pp,”jare Anya.
“Temen, ta?” takok Boy.
“Tiket nang Bangkalan gak ada ya?” takok Kosim.
“Melok-o lomba Kerapan Sapi ae!” sentak Boy.
“Yo-opo, Ngga…melok ta gak?” takok Boy.
“Wis ta lah, melok ae…kene aku sing ndaftarno. Dino iki pendaftaran hari terakhir. Ayo kene takfoto karo hapeku, ngkok takcetakno pisan!” jare Anya karo moto Boy ambek Angga.
“Rai welek ae kathik melok Cak dan Ning,” protes Soni.
“Elek yo-opo se? Koyok Christian Sugiono ngene jare elek!” Boy mulai mekitik koyok asu.
“Christian Sugiono? Chris John kaleeee…” jare Soni.
“Nek raimu koyok Bokir ojok athik iri. Prita ndak ikut juga?’ takok Boy.
“Nggak lah, Boy, KTP gue kan Bandung, bukan Surabaya, mana bisa?” jare Prita.

Boy lagi kelesetan nang kamare. Abah lagi…mboh, ngurek-ngurek kupinge be’e. Umik lagi main playstation karo Yu Mi, babune.
“Ayo, Mi, PS mungsuh aku, sing kalah kudu mijeti sing menang, yo,” tantang Umik.
“Mboten, Bu, sampean nek main nakalan ngoten. Mengke nek wayahe sampean mijet, alasane ‘aku takngising sik, Yu Mi”. Nek gak ngono ‘aduh, Yu Mi, tanganku moro-moro kram” tolak Yu Mi.
“Wis ta, ojok ngecemes ae lambemu, ayo, timbangan koen engkok takpecat!” sentak Umik.
“Sorone yo…dadi babu. Ngene salah, ngono yo salah, juragan senengane ngomel….ae!” sambate Yu Mi.
“Sik lumayan aku, gak tau nyikso koen. Padahal saiki kan usume babu disetriko juragane. Opo babu dinyos rokok karo bos-e. Lagi ngetrend, lo Yu Mi,”
“Mari ngono dimutilasi. Sampean iku juragan ta Ryan, tukang Jagal?”
Moro-moro onok swarana telpon. Poooon….Eh, kriiiiiing.
“Yu Mi, angkaten telpone,” kongkon Umik.
“Walah, Bu, mesti….kulo sing dikongkon ngangkat telpon,” protes Yu Mi.
“Lha terus aku ngongkon sopo? Koen lo babuku. Lha mosok wong dodol es tebu ngarep iku dikongkon ngangkat telpon?”
“Bendino ngene yo bungkuk gegerku,” jare Yu Mi.
“Wis ta, ojok ngomel ae, paling-paling sing telpon bakul tempe gendakanmu iku. Kemalan…Sik tas duwe hape ae gayane telpan telpon!” sindir Umik.
“Sori, nggih, Bu…Mas Tommy lho nek telpon langsung teng hape kulo,” tolak Yu Mi.
“Jenenge asline Tompo ae athik diganti Tommy! Kemoncolen!”
“Kersane tah, Bu. Sampean mboten tumut mbancaki ae kakean protes,” jare Yu Mi ambek ngangkat telpon. “Halo, dengan Yu Mi disini, bisa saya bantu…”
Yu Mi, Boy nang omah, ta? Endi areke?” takok Angga.
Sopo iki? Lapo nggoleki Mas Boy, aku lho nganggur…
Wis talah Yu Mi, iki penting. Hape ne gak diangkat taktelpon.
“Iyo…iyo… areke lo sik turu… tak gugahe sik,” saut Yu Mi.
Boy ngangkat telpon karo angop, mari keturon, ”Lapo, Ngga?”
“Boy, mene isuk awake dhewe diceluk gawe penyisihan Cak Ning nang balai kota. Ojok lali lo!” jare Angga.
“Yo wis, bareng ae yo…timbangane ijenan mrono koyok gajah kopoken,” jare Boy.

Isuk iki penyisihan Cak Ning, materi sing diuji yoiku wawasan tentang kota Suroboyo. Ujiane tertulis koyok UTS ngono iku. Hasile diumumno jam rolas awan. Sing dijupuk nang babak berikute arek seket. Selawe lanang, selawe wedok. Pas diumumno Boy karo Angga katut nang babak berikute. Anya katut pisan.
“Asiiik, awake dhewe katut limapuluh besar, Boy,” jare Anya.
“Iyo, tapi wetengku luwe, cuk! Wis jam rolas gak dikeki mangan. Panitiane yok opo se? dikorupsi be’e anggarane gawe mangan awan!” Boy bengok-bengok kaliren.
“Cangkemmu ojok banter-banter, ta! Koyok wong kemalan badhogan ae,” jare Angga.
“Lha terus yok opo…awake dhewe gak oleh mulih, nang kene gak dikeki mangan…” Boy marani wong sing nggawae keplek panitia.
“Paklik, pesertane gak dikeki mangan, ta?” Boy takok nang wong iku karo nyekeli wetenge.
“Lak-lek lak-lek… Mbok anggit aku iki bakul pentol ta? Sik, ta, dikeki…dikeki! Ojok nggarai gupuh ae ta!” Wonge ngomel ae ditakoki boy.
“Yo wis, nek ngono…Takenteni yo lek, yo…”

Mari acara mangan awan, sesi berikute latihan mlaku nang panggung. Sing nglatih jenenge Mas Yance. Wonge rodok yok opo…ngono. Rodok gagah gemulai.
“Ayo…ayo….semua latihan dengan serius ye…biar nggak malu-maluin ike nanti kalau tampil di panggung,” jare Mas Yance.
“Ngga, pelatihe rodok gak beres yo..endel…” Boy mbisiki Angga.
“Ayo…itu lekong yang lagi bisik-bisik tetangga…pasti lagi ngrasani ike, ya!” sentak Mas Yance.
“Gak, kok mbak, eh mas, iku lo kupinge Angga onok semute.”
“Sutra bok, gak pake alesan…ayo berdua maju ke sindang…
“Ayo kamu yang tinggi, coba jalan dulu kayak yang ike ajarkan tadi..” kongkon Mas Yance.
Angga langsung mlaku nang catwalk.
“Aduh, nek…jalannya kok koyok wong kebelet ngising ngono sih…Ayo ganti yang satunya,” jare Mas Yance ngongkon Boy mlaku.
Boy mlaku karo wedi nek disentak karo Mas Yance.
“Oalah, yo…yo… iki malah mlakune koyok wong kabotan gandul ae. Mekekeh mekekeh,” sentak Mas Yance.
“Ancene kegeden, mas…” jare Boy koyok asu.
“Opone sing kegeden, hayo…”
“Celonoku lo kegeden…mlakune dadi mekekeh mekekeh,” Boy ngunjukno celonone.
Arek-arek ngguyu kabeh ndelok Boy koyok bedhes mlakune.

Dino iki pemilihan Cak Ning dimulai sesi interview. Pesertane diseleksi tekok seket, sing lolos dadi telungpuluh. Limolas lanang limolas wedok. Jurine onok telu. Pertanyaan gawe peserta macem-macem, saksire jurine. Koyok sing ditakokno nang Boy saiki.
“Sebagai orang Surabaya, apa yang kamu banggakan dari kota Surabaya ini?” takok juri sing lemu.
“Em…yang saya sukai dan saya banggakan dari Surabaya ini adalah makanannya. Kebetulan saya ini orangnya suka makan ya, alias kemalan badhogan kalau orang Surabaya bilang. Nah, macam-macam makanan khas Surabaya ini bener-bener gak ada tandingannya. Saya pikir gak ada yang bisa nyaingi kota ini dalam hal makanan, sepanjang yang saya ketahui. Ada rawon, rujak cingur, lontong balap, semanggi, soto ambengan, mi kluntung, soto sulung, tahu campur, tahu tek, lontong kikil, kupang lontong, nasi bebek, tempe penyet…pokoke top markotop,” Boy nyerocos.
“Lalu bagaimana cara mengenalkan makanan tersebut ke publik nasional ataupun internasional?” takok juri sing kribo.
“Ya…pertama harus dipatenkan mereknya dulu, daripada nanti diakui Malingsia, eh Malaysia sebagai makanan khas daerahnya. Eh, mana bisa ya? Memangnya di sana ada petis atau lento. Terus yang kedua adalah dibuat lebih keren, misalnya packagingnya. Misalnya kalau biasanya mi kluntung diadai piring, bisa disajikan di hotplate. Kan keren, Pak…”
“Ooo…begitu. Selain makanan, apa lagi?”
“Ya banyak Pak… tapi yang paling saya banggakan ya makananya. Ngomong-ngomong makanan, jadi lapar nih, Pak. Nanti siang lak ada konsumsinya ya, Pak?” takok Boy.
“Ya, ampun…sik jam sepuluh wis kaliren, Mas,” jare juri sing wedok.
“Ndak, buk..soale yang kemarin itu makan siange telat. Latihan mlaku koyok peragawati…terus….gak mangan-mangan.”
“Oalah… Mas ini ikut Cak Ning apa kemalan badhogan?”
“Masalahnya kalo saya gak makan itu, kaki saya itu gemeter, trus jalannya kak jadi ngedher, akhirnya dimarah-marahi terus sama yang nglatih jalan. Kathik yang nglatih itu orangnya judes, ngamukan.” sambat Boy.
“Hayo…ngrasani ike lagi ya…” Mas Yance moro-moro metu.
“Lho, kan…saya bilang apa. Durung garing lambeku ngomong, wonge wis cerok-cerok koyok bebek ate ngendhog,” jare Boy.
“Ye…lagi-lagi ye…ike bisa pusiiiing ngurusin ye. Aduh dewan juri yang terhormat dan mulia serta yang dipertuan agung, ike saranin peserta yang satu indang gak usah dilolosin aza. Bikin kacau acara deh, dewan juri yang berhati mulia dan bijaksana.”
“Lapo se…sing mutusno lo dewan juri, duduk sampean. Awakmu lo isoke cumak nglatih mlaku thok ambek ngomong smail … pose….blocking…. sopo sing gak isok, cak!” omel Boy.
“Liat tu dewan juri yang maha mendengar insan yang lemah ini. Doi selulit menghina ike yang berhati baik dan lembut ini.”
“Sudah, sudah…gak usah bertengkar. Malu, acara ini kan disiarkan di tivi dan diliput media cetak. Ayo saling maaf-maafan,” kongkon Dewan Juri.
“Minta maaf sama dia? Ne…ne…ne…Ike bisa diinfus dua kali duapuluh empat jam di rumah sakit kalo harus minta maaf sama dia,” Mas Yance gak gelem wawo.
“Diinfus? Mesisan cuci darah ae atau operasi plastik ganti kelamin yo gak popo!” towo Boy.
"Pokoknya saya tidak terima dengan penghinaan ini. Dewan juri harus mutusin milih dia atau ike. Kalau pilih dia, ike mau mundur dari kontes ini. Itu keputusan ike. Titik!”
“Aku lo gak ngurus awakmu maju ta mundur ta njengking ta kayang. Kalau dewan juri minta saya mundur saya gak papa. Kalah menang bukan tujuan saya ikut kontes ini. Arek suroboyo yo koyok ngene iki, cak! opo onoke. Nek kelakuanku dianggep gak sesuai ambek acara iki, yo wis, aku sing ngalah. Sepurane sing akeh, nedho nrimo!” jare Boy karo ninggalno panggung. Tapi Angga cepet-cepet munggah ambek nggowo es teh ditemplekno nang dhodhone Boy koyok iklan nang tivi. Boy rodok adem.
“Wis, ta Boy, gak popo njaluk sepuro Mas Yance. Anggepen ae wong gendeng. Aku males nerusno nek koen gak melok Boy,” Angga ngrayu Boy cek gelem njaluk sepuro.
Boy meneng ae ambek mecucu, “Yo wis, saya mau minta maaf demi lancarnya acara ini sampai selesai...Mbak, eh, mas…maafkan saya ya,” jare boy ambek ngekekno tangane.
“Apa, salaman sama Ye? Huh, najis!” tolak Mas Yance.
“Najis mattamu yo! Cuk, asu, raimu lo atase empat tujuh ae kakean model!” Boy esmosi maneh. Untung Angga cepet-cepet nemplekno es teh nang dhodhone maneh.
“Tuh, kan dewan juri yang adil dan tersohor…ike dikatain empat tujuh. Doi menghina ike lagi.
“Empat tujuh itu apa?” takok juri karo bingung.
“Oalah…dewan jurine gak tau tombok togel. Empat tujuh itu kalau togel gambarnya orang banci,” jare arek-arek.
“Sudah…sudah…ayo Yance, kamu jangan ngambek lagi…Boy juga, jangan emosi lagi. Sini tangannya, ayo wawo. Gak oleh eker-ekeran maneh,” jare jurine ambek nggathukno tangane Mas Yance karo Boy.

Boy gak ngiro nek de’e katut nang grand final. Angga ambek Anya yo katut pisan. Acarane nang hotel Shangri La, disiarno live karo tivi lokal ambek interlokal pisan. Kabeh peserta nggawe kebaya ambek kudung, trus sing lanang yo nggawe batik ambek nggawe beskap trus ndhase dibebet udheng gawe klambi adate.
“Buk…niki lo, acara final Cak Ning disiarno teng tivi. Mengke lak wonten Mas Boy disoting,” jare Yu Mi
“Iyo ta Mi? sik…sik… tak telpone ibuk-ibuk arisan cek nontok Boy mlebu tivi. Anakku gitu lo…” jare Umik.
“Cepetan Buk, niki lo Mas Angga pun disoting,” jare Yu Mi.
Angga maju nang podium trus ngenalno awake dhewe.
“Good evening ladies and gentlemen, my name is Angga, I was born in Surabaya twenty years ago. Now I am a student in Karang Menjangan University majoring in management. I like music and sport, especially basketball. Thank’s for the time given to me, good evening,” Angga lancar ngomonge gak ndhredheg blas.
“Bahasa Belandane Mas Angga hebat nggih Buk…Mas Boy mosok saget… Misuh thok isoke. Faseh,” enyek Yu Mi.
“Ojok nyocot ae cangkemmu, Mi!” sentak Umik.
“Niru mboke…”jare Yu Mi kalem wedi krungu Umik.
Mari ngono Angga dikongkon nunjukno keahliane, nggowo gitar listrik nang panggung, terus main instrumental melodi lagune Dewa 19. penonton langsung keplok-keplok kabeh.
“Hebat nggih, Buk, gitarane Mas Angga. Mas Boy lo, paling get nyekel ecek-ecek, mosok entos gitaran.”
“Tak tampek temen lambemu lo, Mi, nek sik nyocot ae!”
“Opo maneh mboke…isoke ngomel thok…”jare Yu Mi kalem.
Wayahe Anya maju, de’e nunjukno keahliane. Nggowo sampur karo nari gambyong nang ndukur kendi. Penonton langsung tepuk tangan kabeh ambek suit-suit.
“Ayune…Mbak Anya…tariane apik, nggih Buk. Gerakane isok lemah gemulai koyok merak. Mas Boy mosok isok. Iyo nek joget ndangdutan, pinter de’e…” Yu Mi protes ae.
Klethak!!! “Aduh!!! Buk, kok kulo sampean sawat asbak se, loro niki lo ndhas kulo,” Yu Mi nggoceki ndhase sing menthol.
“Bah, pethal lak yo wis. Lha koen nyocot ae kit mau. Nek gak ngono gak mingkem lambemu!” Umik wis gregeten.
“Juragan sadis…KPRT. Kekerasan Pembantu Rumah Tangga!”
“Sebagai seorang perempuan, seandainya anda menjadi walikota Surabaya, apakah anda setuju dengan adanya lokalisasi Dolly? Apa tidak seharusnya ditutup saja?” takok juri nang Anya.
“Saya pikir kita harus cermat dalam hal ini. Eksitensi dolly bagaikan dua sisi mata uang yang dilematis. Di satu sisi adalah demoralisasi penduduk sekitar, namun di sisi lain adalah sumber penghasilan bagi banyak orang. Jadi menurut saya sebaiknya fungsi lokalisasi harus dikembalikan ke asalnya. Bahwa lokalisasi itu harus terisolir dari masyarakat luas. Jadi, saran saya, gak usah ditutup, tapi dipindahkan ke tempat yang jauh dari penduduk. Trus dipagar yang tinggi, dan diawasi dengan ketat siapa saja yang boleh masuk kesana. Baik PSKnya, penjual makanan, mucikari, atau siapa saja. Tidak seperti sekarang ini, anak kecil berangkat ngaji atau pulang sekolah saja bisa lihat dengan leluasa paha dengan rok mini yang diangkat tinggi-tinggi untuk menarik lelaki hidung belang,” jelas Anya.
Mari iklan nang tivi, gilirane Boy diceluk munggah panggung. Klambine dipasangi mikrophone wireless, dadi gak perlu nggawe mike maneh nang panggung. Tekok ngisor Mas Yance wis mecicil ae karo wanti-wanti cek Boy mlakune koyok sing diajarno de’e, gak mekekeh-mekekeh. Boy gupuh ae dipecicili koyok ngono.
Ayo mlaku, cepetan! Mas Yance ngekeki isyarat cek Boy cepet maju nang podium.
Boy maju ambek gupuh ngatur mlakune soale nggawe sewek. Apes, sik tas rong jangkah, sikile kecantol kabel sound system band sing sliweran. “Gedebug!!!” Boy tibo nyosop, ndhase ketatap jagrake gitar listrik. Penonton ngguyu kabeh ndelok kedadian iku.
“Jancuk…asu…picek matane be’e sing noto sound system iki, kabel sliweran koyok ngene dijarno ae!’ swarane Boy banter krungu nang salon. De’e gak sadar nek klambine dipasangi mikrophone. Penonton tambah ngguyu kekel ndelok Boy misuh-misuh. Mas Yance isin, ngamuk-ngamuk…sikile mancal-mancal njejeki kursi nang ngarepe.
“Krune goblok ancene, masang kabel ae gak enthos. Cuk, loro cangkemku ketatap jagrak!” Penonton tambah kekel ngguyune.
Boy ngadeg maneh karo ndeloki Mas Yance sing njambaki rambute dewe gara-gara stres.
“Lho, mas jarike suwek…yok opo iki…diterusno ta ganti disek?” Boy takok nang Mas Yance. Ancene goblok arek iku de’e gak sadar nek suarane mlebu nang salon. Disiarno live pisan. Penonton tambah ngakak. Mas Yance sing njaluk tambahan infuse.
Boy maju nang tengah ambek nggoceki jarike sing suwek. Cangkeme sik misuh-misuh gak jelas.Tivi sing nyiarno live, langsung nampilno iklan, onok sing nyiarno alasan gangguan teknis. Onok sing langsung nyiarno acara binatang-binatang, padahal duduk jam tayange. Onok sing langsung nyiarno siaran ulang Persebaya lawan Arema tahun 2006. TVRI langsung nyiarno dunia dalam berita, padahal sik jam wolu bengi.
“Yok nopo sih, Buk, Mas Boy niku…athik sampean wis kadung telpon ibu-ibu arisan pisan,” Yu Mi mulai adu-adu.
“Wis, koen ojok kakean cangkem. Boy iku ancene… huh… nggregetno. Ngisin-isini ancene!” Umik nyawat Yu Mi remote tivi.
“Oke, gak papa. Yang itu tadi adalah kecelakaan yang bisa saja terjadi pada siapa saja dan kapan saja. Sekarang coba kamu tunjukkan bakat kamu,” jare dewan juri.
Boy gak isok konsentrasi blas, gara-gara kedadian mau. Otake blank (asline yo gak onok isine). De’e lali ate nampilno opo.
Maaf, saya agak blank… eh, gini aja, saya mau nyanyi saja lah daripada pusing…Boy langsung nyanyi, “Garuda Pancasila… akulah pendukungmu… patriot proklamasi…” koyok arek SD, cuk.
Angga ambek Anya ngguyu kekel. Asu! Ancene arek gendeng Boy iki, batine.
“Prihatin bangsaku…tidak maju-maju..tidak maju-maju…tidak maju-maju.…” Penonton ngguyu ngakak ndelok kelakuane Boy sing koyok asu iku.
“Sudah…sudah… mendingan kamu melawak saja. Kayaknya kamu ada bakat jadi pelawak, bukan penyanyi,” saran jurine.
“Gini aja, dewan juri tak kasih tebakan. Penonton pisan…nek isok njawab takkeki satus ewu. Yok opo?” tantang Boy.
“Oke, apa tebakannya?” jare juri barengan.
“Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok?”
Penonton rame kabeh nyobak njawab pertanyaane Boy.
“Ayo…mosok sakmene akehe gak onok sing isok… Ayo pak walikota…ikut njawab, kalo bisa tak tambahi jadi rongatus ewu… Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok…”
Dewan juri karo Penonton nyobak njawab tapi, gak onok sing isok. “Kathok…kathok… nyerah…” jare penonton.
“Jawabane, nek sepeda montor wedok iku dikumpo dhisek, baru ditumpaki... Lha nek wong wedok… ditumpaki dhisek baru..”
“DIKUMPO!!” jare penonton barengan ambek ngguyu. Dewan juri ngguyu thok ae ndelok kelakuane asu iku. “Ayo…yang terakhir, coba kamu buat pantun atau parikan!”
“Ngombe jamu gelase bathok..” jare Boy.
“Opo artine?” takok jurine.
“Jurine lemu hak isok ndhodhok,” jawab Boy.
Ha…ha…ha… juri sing loro ngguyu juri nang pojok sing ancene lemu. Juri sing lemu mrengut ae.
“Bo abo nak-kanak…” tambah Boy.
“Artine?” takok penonton.
“Juri sing kribo ambune sengak,” saut Boy.
Ha…ha…ha… ganti juri sing lemu ngguyu juri sing rambute kribo.
“Sampun nggih…kecap santen toya kelopo… yu painten ketiban cendelo…cekap semanten parikan kulo… tiyang nggantheng niki nyuwun ngapuro,” jare Boy terus mudhun panggung.

Sakwise kabeh finalis dites nang panggung, saiki wayahe pengumuman sopo sing dadi pemenang Cak dan Ning Suroboyo. Kabeh finalis munggah panggung maneh. Cak karo Ning Suroboyo tahun wingi yo melok munggah ambek nggowo selempang gawe pemenange. Mari ngono diumumno pemenang miss congineality, terus cak persahabatan, ning berbakat, ning favorit, dan lain-lain.
“Pemenang Cak dan Ning Surabaya tahun ini adalah… Cak Angga dan Ning Anya…..” penonton tepuk tangan kabeh, “Hadiah yang akan diterima adalah trophy bergilir, uang tunai, dan tiket wisata ke Bali pp…”
Kabeh royokan ngerangkul ambek nyalami Anya karo Angga. Mas Yance pisan…sok berjasa…
“Berikutnya yang terakhir untuk Cak favorit pilihan pemirsa, dengan sms terbanyak adalah….Cak…Booooooy…….” jare mc. Wong-wong nggoleki Boy…nang endi arek iki. Angga tolah-toleh, dipikir Boy nang panggung pisan. Tibake asu iku lagi mangan sego kotakan nang pojokan. Ancene kemalan badhogan temen.
“Sik…diluk…wetengku luwe, cuk!” jare Boy ambek mlayu munggah panggung. Kesusu-susu mlayu, lali nek nggawe jarik…nang ndukur panggung kesrimpet maneh sikile. “Brak!!”…Boy nyosop nibani Mas Yance sing lagi ngatur posisi nang pinggire panggung persis. Mas Yance kesurung njungkel tibo tekok ndukur panggung nang ngarepe dewan juri. Lumayan yo…dukure panggung ae sekitar sak meter setengah.
“Aduh…aduh…setan itu gak ada brentinya nyiksa ike… tolong ike diinfus…jauhkan ike dari syetan yang terejam itu,” jare Mas Yance, terus semaput…dalam kedamaian.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar