Kamis, 14 Maret 2013

Makhluk Tuhan yang Paling Nggatheli 5


“Saur..saur…Boy…tangi…saurle….,” gugah Umik.
Boy sik merem ambek mulet-mulet.
“Saur…saur…ayo tangi Boy…kon gak saur ta? Engkok posomu gak kuat lo nek gak saur!” pekso Umik.
“Nek mboten purun tangi kulo guyange banyu nggih buk,” jare Yu Mi ambek siap-siap njupuk ember.
“Boy!” jare Umik karo mbateki boxere Boy (arek iku nek turu ancene boxeran thok) ayo saur…selak imsak iki lo!”
Boy melek ambek ngusapi iler nang lambene. Kemproh, cuk.
“Mik…mlorot kabeh iki lo katokku mokploroti,” jare Boy ambek ngunjukno boxere.
“Wis gak usah kakean cangkem…dienteni Abahmu nang mejo makan iko lo.”
Boy metu kamar trus nang mejo makan ambek klewas-klewes sik ngantuk . Tangane langsung njupuk piring karo nyaut enthong.
“He…raup sik kono lo…sik ketheken wis ate nyedhuk sego.,” jare Abah.
Boy gak ngurus, langsung nyedhuk sego terus njupuk jangan sop karo iwak pitik, endog ceplok, sate usus, karo jeroan, krupuk pisan.
“Masakalah Boy… saur sakmono akehe… loro lho engkok wetengmu,” jare Umik.
“Walah…timbangane engkok awan aku luwe…tambah mokel engkok,” jare Boy ambek njupuk begedel karo dadar jagung.
Umik karo Abah ngowo thok ndelok saure Boy sing koyok buto ijo iku.
“Wis Boy…Umik gak saur wis… ndelok koen mangan wis wareg wetengku.”
“Tolong jupukno cap jae ne, mik,” jare Boy ambek imbuh njupuk sego maneh.
“Ya ampun…sego sak wakul iki entek koen?”
“Ayo ta mik…engkok aku gak kuat poso lo…” rayu Boy.
“Awas koen nek athik mokel yo..titenono koen yo…”
“Yu Mi…gawekno sirup…” kongkon Boy.
“Walah…sik ta, Mas Boy…niki tivine apik lo, Adul niki lo cik lucune…” tolak Yu Mi.
“Wis…nggawe dhewe kono lo…kithing ta tanganmu?” jare Umik.
“Yu Mi iku lak babune awake dhewe se mik? Lapo Umik iki tambah mbelani Yu Mi. Asline aku iki anake Umik ta duduk se?”
“Lak mulai kumat maneh cangkeme, mari ngono tes BCA?” jare Umik.
“DNA…ndeso iki,” jare Boy.
“Yu Mi aku gawekno teh anget sik,” gantian Umik ngongkon.
“Walah…mesti ngongkon kulo…Niki lo Komeng sik lucu, buk,” jare Yu Mi ambek delosoran nang ngarepe tivi.
“Nek gak ngongkon koen lo terus ngongkon sopo?”
“Sabar buk, niki wulan poso… mpun ngamuk-ngamuk terus… mengke pahalane telas,” jare Yu Mi karo sendenan dulinan remote.
“Yo wis, nek ngono jupukno setriko ae,” jare Umik.
“Damel nopo buk…subuh-subuh ate setriko,” jare Yu Mi.
“Yo gawe nyetriko gegermu iku… cek koyok TKW-TKW sing disetriko juragane nang Malaysia kono!” sentak Umik ambek gregeten.
“Wah… jadi kayak Manohara nih,” jare Yu Mi.
“Iyo…mesisan disilet-silet, Mik…” jare Boy ambek lungguh nang ngarepe tivi. Tangane sing tengen nggowo sirup sing kiwo nyekel gedhang goreng. Masakalah arek iku ancene.

“Boy, mari saur gak oleh turu… sholat subuh jamaah ambek Umik nang mesjid,” perintah Umik.
“Walah mik…” Boy aras-arasen.
“Gak athik walah walah…gak tak sangoni koen nek gak sholat jamaah.”
Boy mecucu ae cangkeme, tapi yo tetep budhal. Timbangane gak disangoni…gak rokokan la’an…(lho…posoan kan?)

Sampek mesjid wis rame akeh wong. Onok sing wudhu, onok sing markir kendaraan, onok sing mejeng…
“Hei…cantik…Boy nggudho arek wedhok sing nggawe kudung ungu… janda ya…kok pake kudung ungu?” Cangkeme arek iku ancen koyok asu kok. Poso-poso ngene sik sempate nggarai wong. Arek wedok mau langsung mecicil kudu misuhi…tapi berhubung poso, dadi gak sido.
“Nek mecicil tambah ayu jare…sayang empat tiga…rondho.”
Boy kaget moro-moro kupinge dijewer wong.
“Aduh…aduh…mik…opo ae sih…loro iki lo…”
“Ayo…cangkeme yo…wudhu!sholat!…gak cangkrukan nang bok nggudhoi wedokan koyok ngene,” jare Umik ambek njewer kupinge Boy. “Sarung dicangklongno nang gulu koyok tukang becak ae!” sentak Umik.
“Mosok onok tukang becak ngganteng koyok Christian Sugiono ngene.,” jare Boy diguyu arek wedok-wedok sing lagi njupuk wudhu.
“Disunat aja tante, kalo nakal,” jare cewek-cewek mau ambek cekikikan.

Mari sholat subuh, sik tas… salam ambek moco dungo, moro-moro…
“DHUOR!!!”
Masyaallah…Onok opo?... wong-wong kaget kabeh dipikir onok bom mbledhos…
“Wonten Noordin Ngetop, Buk,” jare Yu Mi.
“Iyo ta,Yu Mi? mosok mesjid dibom?”
“Ooooo…ancene Boyo iku… Arek gendeng anake Umik Salamah… kurang ajar ancene… isuk-isuk wis nyumet mercon!” jare wong-wong.
Umik ngelus dhodho krungu jenenge disebut ambek mbatin ndungo nang Pengeran.
Yu Mi mbisiki…”Sampean nek ndungo sing temen buk…cek mas Boy niku dadi lare becik, soleh, mboten ngisin-isini wong tuwo..”
“Menengo lambemu!” Sentak Umik ambek gregeten ndelok kelakuane Boy. Asu ancene arek iku. Boyne dhewe lagi mlayu karo arek cilik-cilik diuber wak modin ambek nggowo berang.
“Mandheg…poso-poso nggarai wong ae penggaweane… ancene anake Kaji Na’im ambek Umik Salamah iku kit cilik mokong kok!” Jare wak modin ambek ngacungno berange.
Umik ndungo ambek tambah mbedhodhog atine.
“Sing khusuk buk nek ndungo…cek dikabulaken Pengeran.”

Posoan nang kampus rasane muales… ngono. Kuliah awan rasane koyok gak kuato. Opomaneh Boy arek kemalan badhogan iku wis mulet-mulet kaliren.
“Cuk…wetengku luwene Ngga…” jarene.
“Ditahan ta Boy… jenenge poso yo kudu kuat luwe ambek ngelak,” jare Angga.
“Aku tak poso bedhug ae yo rek.” Boy wis putus asa.
“Poso bedhug… koyok arek SD ae, Boy…gak isin ta raimu,” jare Sony.
“Cuk…timbangane aku mokel lu cuk…”
“Koen iku poso cak cuk cak cuk ae cangkemu. Batal koen,” jare Sony.
“Lha koen iku sik tas yo muni jancuk,” jare Angga.
“Koen lapo muni jancuk pisan Ngga,” jare Kosim.
“Mbuh…mbuh…jancukan kabeh..weteng luwe tambah cak cuk ae cangkeme,” Boy sumpek.
Nang kantin Mbak Pat wis bengok-bengok.
“Rek…gak buko ta? Wis bedhug iki lo…” jare Mbak Pat ambek nyumet rokok.
“Lhe…gak poso?” jare Sony.
“Aku lo lagi halangan…lagi men…jadi gak boleh puasa lagi,” jarene ambek nyedot rokoke…wess…
“Gak mungkin… sampean lo wis menopause,” jare Boy.
“Menopause mattamu yo…aku lo sik prawan…”
“Sampean lo rondho kit jaman orde baru sampek jaman sby…”
“Rondho jaman orde baru cangkemu yo…”
“Wis…wis… ayo nang mesjid ae, timbang posone batal, ambek ngenteni kuliah Agama Islam,” jare Angga.
“Iyo, nggarai duso thok ae nang kene. Jarene setan iku nek posoan dikerangkeng…lha iki tambah rokokan nang kene,” jare Boy.
“He, asu koen ngarani aku setan yo,” Mbak pat emosi.
“Gak…iblis…”jare arek-arek ambek budhal nang mesjid.

Nang mesjid jam siji onok kuliah Agama Islam rong sks. Kuliahe moco tulisan arab. Kelase dibedakno menurut kemampuane. Kosim langsung melok kelas Qur’an soale mocone lancar. Iyo, bedhes iku masio alkoholik ngono biyene nang kampunge nang medhuro kono tau dadi qori’. Boy karo Angga nang kelas B. Sing sakno Sony, pak. Wong arek iku gak isok moco arab blas, alias nol pothol. Sik tas diajari moco alib bak tak, ndhase wis ngelu. Asu ancene.
“Ini yang kayak pancing namanya jiim. Jiim...,” jare tentore, jenenge Mas Afifi.
“Angele…jhiim…jhiim…”jare Sony.
“Bukan jhim, tapi jiiim…,” sentak Mas Afifi.
“Jiiiim…blue jim…,” Sony nyauti sakkecekele.
“Gak pake blue…kayak film aja pake blue…”
“Ustad kok eruh film blue,” batine Sony.
Moro-moro tekok coronge mesjid krungu suara serak-serak sember koyok omplong diseret. Wong-wong kaget kabeh, termasuk sing lagi kelesetan nang jubin ngenteni buko.
“Nawaitu shouma ghodin…niatingsun nglakoni poso…ndang tutuko sedino sesuk…anetepi fardhu wulan romadhon…” tibakno Boy sing nyekel mik ambek nyanyi lagu-lagu pujian. Terang ae arek SKI ngamuk-ngamuk.
“He, mbok anggit iki langgar nang kampungmu ngono ta?” sentak Ma Afifi.
“Lho, mas…nek nang nggonanku iku nek posoan nyanyi lagu-lagu koyok ngene…”kabeh iku kerono Allah ta’ala…”Boy nerusno pujiane.
Takmire mesjid ngelus dhodho ambek ngempet…babah wiss, timbangane nyumet mercon opo main kertu, karuan moco puji-pujian, batine.


Sakben sore nek atene buko, akeh arek-arek mahasiswa dodolan takjil nang jalan Dharmawangsa. Koyok sore iki, Anya karo Prita ambek mahasiswi lione dodolan jajan-jajan karo es buah, es kolok, es dhawet gawe buko. Sing tuku yo akeh, opo maneh sing dodol mahasiswi-mahasiswi ayu-ayu. Laris manis… Lumayan nggarai jalan Dharmawangsa rodok macet.
“Silakan, pak, buk…esnya duaribuan,” jare Anya.
“Es buahnya dua mbak, “ jare ibuk-ibuk.
Boy, Angga, Sony, ambek Kosim yo melok-melok cangkruk nang kono. Gak ngrewangi, cumak nunut mejeng thok.
“He…rek ojok ngowo thok, golekno ijolan duwik cilik… sewuane entek,” jare Anya.
“Sim…iko lo arek-arek ijolono duwik ewonan, koen dino iki gak ngemis ta?”
“Asu…lapo ngemis iku…”
“Terus yo gak nyemprit dadi polisi cepek?”
Hahaha…arek-arek ngguyu Kosim
Moro-moro onok wong nggebrak mejo dodolane arek-arek iku. Dipikir arek-arek tramtib satpol PP.
“BUYAR….BUYAR…njaluk takwalik ta dodolane!!” Tibakno Mbak Pat sing ngamuk-ngamuk ate njungkir mejo.
“Ayo diringkesi…timbang takberesi kabeh iki engkok!” jarene.
“Aduh, Mbak Pat…sabar dong…ada apa sih kok marah-marah…”
“Gak marah yo-opo? Kabeh wong mandeg, tuku takjil nang kene. Deloken iko lo daganganku medhak gak payu!”
“Wah, tapi jangan dirusak dong Mbak Pat, dagangan kita,” jare Prita.
“Gak athik…nek gak pindah, takjejeki kabeh jajan-jajan iki…”
“Heh…heh…lapo ae se? dodolan gak payu ngamuk-ngamuk nang kene,” sentak Boy.
“Lha iyo gak payu gara-gara mbak-mbak iki. Wis koen gak usah melok-melok, su…asu…!” Mbak Pat nyentak Boy.
“Yo jelas milih kene, sing dodol ayu-ayu, wangi-wangi… ndelok sampean ae wong wis gak kolu buko, opo maneh tuku jajanmu,” bales Boy.
“Cuk…gak usah nyocot ae koen yo…Trus cek payu aku koen kongkon mudo nang kene ta? Takklakoni,“ jare Mbak Pat.
“Iyo…gulone es buahe ae paling nggawe obat gulo, trus banyune paling yo banyu mentah,” jare Sony.
“Banyu mentah mattamu yo…Pokoke, tak itung ping telu, gak diringkesi, aku mudo… takobrak abrik temenan iki!”
“Aduh…jangan Mbak Pat…ini jualan bukan buat kita kok…hasilnya ntar kita sumbangin ke anak yatim piatu,” jare Prita.
“Podho ae…aku iki yo yatim piatu gak duwe emak gak duwe bapak,” engkel Mbak Pat.
“Anake gorila…”jare Boy.
“BUYARRR…” Mbak Pat dadi Hulk.
Untunge onok polisi teko, mudhun tekok mobil polisi misah kekacauan iku.
“Ada apa ini?” jare polisi iku.
“Macem-macem pak…ada es buah, ada es blewah, pastel, bikang, kontol kambing, oles-oles,” jare Boy.
Ndelok polisi iku Mbak Pat langsung mlayu ngrakul.
“Pak polisi…hu…tolong saya pak…juaalan saya jadi gak laku gara-gara mereka ini pak, hu…” jare Mbak Pat ambek nangis ngrangkul polisi iku.
“Buk..ibuk..maaf buk…” jare polisi iku ambek berusaha melepaskan diri dari pelukan iblis betina itu.
“Gak mau…pokoknya gak bakal taklepaskan sebelum mereka diusir pak polisi,” jare Mbak Pat ambek ngrakul terus…mbathi, cuk. Sakno polisine, apes.
“Iya…tapi tidak dengan cara gini buk,” jare polisi iku ambek perasaan gilo.
Suasana tambah rame, dalan Dharmawangsa tambah macet, akeh sing ndelok kedadian iku. Athik onok tandak bedhes tanggapan nang kono pisan. Cocok iwak endog. Tambah muacet polll. Polisi sijine sing nang njero mobil sedan akhire melok mudhun pisan. Mbak Pat gak menyia-nyiakan kesempatan iku, langsung mlayu ngrangkul polisi sijine iku. Polisi sijine sing luwih enom iku langsung klepek-klepek kudu mutah.
“Ibuk…jalanan rame, ini jam orang pulang kerja juga…nanti jadi tambah macet,” jare polisi iku ambek nutupi irunge.
“Mbak-mbak…kalo mau jualan….lhoh…Prita? Kamu jualan di sini?” takok polisi iku.
“Eh…eh…iya, mas…” jare Prita.
“Lho, sampean kenal sama Mbak Prita ini, ta pak pulisi?” takok Mbak Pat.
“Iya, Prita ini pacar saya…” jare polisi iku maneh.
“Pacar? Polisi? Lho polisi ini pacarnya Mbak Prita ta?”
“Iya…bener, saya pacarnya Prita, buk, nama saya Bimo. Oke? Sekarang semua damai ya…gak usah ribut di jalanan,” jare Bimo.
“Heh! Endi Boy?” Mbak Pat bengok-bengok nyeluki Boy.
Boy meneng ae nang ngisor wit .
“He, asu…rene koen… iki lo takkenalno pacare Mbak Prita…jenenge Mas Bimo,” Boy diseret Mbak Pat.
Boy moro ambek klemar klemer koyok wong kaliren.
“Ini mas…yang namanya Boy alias Boyo…sukaknya nggodain Mbak Prita, alasan nggonceng pake motornya lah…, ngajak makan lah, itulah…ada aja alasannya…Sampean tembak sama pistolmu aja mas nek maem-macem,” Mbak Pat adu-adu tumbak cucukan cangkeme.
Boy males dikongkon salaman, “Boy,” jarene. Polisi iku salaman pisan, “Bimo,” jarene.
“Yo adoh rek…jauh…gak level…sing siji polisi, gagah, nggantheng…lha situke opo…bondho nggantheng ambek gondal-gandul thok,” Mbak Pat ngunggulno dagangane. “dadi aku aku yo milih sing iki, Mbak Prita!” jare Mbak Pat ambek njawil janggute Bimo.
Boy muntap…raine abang. Harga dirine diidek-idek karo Mbak Pat di depan umum je…Tangane langsung nyaut es buah karo kolok, terus langsung digrujugno nang rambute Mbak Pat.
“Aduh…aduh…asu…pliket kabeh awakku.” jare Mbak Pat.
Boy mlayu diuber Mbak Pat sing nggowo bendho gawe nuthuki es batu, “Mandheg koen…tak bacok kene gegermu yo…”
Arek-arek SDN Airlangga sing mulih pondok romadhon langsung bengok-bengok nyuraki, “wong gendeng… wong gendeng… wong gendeng…” jare arek-arek iku.
Mbak Pat langsung mandeg terus ganti ngincim arek-arek SD mau.
“He…kirik… ngaji nang langgar gak dididik ustade tah, ngelokno wong tuek gendeng… hayo tak bacok kene cangkeme!”
“Wong gendeng ngamuk… wong gendeng ngamuk…” jare arek cilik-cilik mau amnbek mlayu sipat kuping mlebu nang kampung.
Wong-wong sing ngumpul mau akhire isok langsung dibubarno polisi. Keadaan aman terkendali.

Sore iki arek kuliah angkatane Boy ngadakno buka bersama nang omahe Angga. Onok be’e nek arek seketan sing teko. Yo cukup ae, wong omahe Angga gedhene sak lapangan bola.
“Lumayan… takjil gratisan,” pikire Sony ambek Kosim. Mama karo Putri, adike Angga dadi panitia super sibuk critane. Arek-arek salaman ambek mamane Angga.
“Ini Boy kan…tante ingat…makannya paling banyak,” jare Mamane Angga. Boy mlerak mlerok kisinan.
“Ini Sony ya… yang suka godain pembantu kita… ini siapa Ngga, yang namamya kayak tukang kebon kita dulu…”
“Kosim, tante,” jawab Kosim.
“Iya…Kosim…kalo yang cewek ini…Anya kan?”
“Pacarnya Angga tante,” Boy nyauti. Angga mecucu ae.
“Tapi masih pedekate, masih malu-malu,” ralat Boy.
“Kalo yang ini?”
“Prita tante…” jare Prita.
“Iki pacare Boy, Ma…”ganti Angga sing nyauti.
“Pacar dari Hongkong…” Moro-moro onok sworo nyauti tekok mburi. Trus ngejak salaman mamane Angga.
“Sapa ini?”
“Saya Fatimah tante, but just call me Mbak Pat, ok?” jare Mbak Pat gaya, ambek nggawe kudung Manohara, kocomotoan ireng pisan, koyok tukang pijat plus plus.
“Ini temanmu juga, Ngga? Kok sudah tua?” takok Mamane.
“Oh, saya yang punya café di kampusnya Angga, tante. Ngomong-ngomong anak tante boleh juga… boleh dong saya daftar jadi calon menantu,” jare Mbak Pat.
“Café?...atase warung giras ae café, cuk…” saut Boy.
“Ya wis, selamat berbuka ya , sholat maghribnya di musholla dekat kolam renang ya… tante ke belakang dulu,” pamit Mamane.
“Makasih tante,” jare arek-arek…ambek ngiler ndelok panganan nang mejo…opomaneh arek sing kos-kosan model Kosim karo Sony… biasane buko sego tabokan nang mesjid kampung, saiki ndelok panganan sakmono akehe. Ndredes ilere.

Mari sholat maghrib arek-arek buko sak karepe. Boy, koyok biasane, mangan gak onok pedhote. Kabeh diratani. Sing cap jae, sego goreng, ayam saus kecap, udang mayonaise, calamari, wis pokoke sembarang. Ancene arek kemalan badhogan, sampek kemlakaren wetenge. Mari bosen de’e njupuk es buah, digowo metu nang taman cidhek kolam renang samping. Gak sengojo de’e ketemu Prita sing ijenan nang ngisore gazebo.
“Eh, Prita…sendirian aja?” Boy basa basi.
“Eh, Boy…” jare Prita.
Suasana sepi. Arek loro iku podho gak onok sing ngomong.
“Boy… kamu pasti masih marah sama omongannya Mbak Pat pas kejadian di jalan kemarin itu ya?”
“Ah, enggak…lapo ngrungokno omangane Mbak Pat, orang gila.” Boy ngeles.
Moro-moro Mbak Pat liwat. Sliwer…”ada yang tau nomer telpon Polsek Mulyosari nggak ya?” takoke.
“Kenapa, Mbak Pat?” takok Prita.
“Ya…tiba-tiba pengen telpon kantor polisi aja…dududu….”
“Aku minta maaf, ya Boy.”
“Lho lapo minta maaf? Lagian apa yang dibilang sundel bolong itu ada benarnya juga kok.”
Mbak Pat liwat maneh. Sliwer…”kalau nomer Polsek Wonokromo berapa nih,” jarene ambek ndeloki hapene. Asu kok.
“Maksudmu Boy?” takok Prita.
“Ya iyalah…Mas Bimo mu yang dahsyat itu kan lebih keren… lebih ganteng… daripada aku…si Boy yang gak level sama sekali,” jare Boy.
Prita ndingkluk meneng ae. Gak wani ndelok Boy, de’e buang muka ndeloki kolam renang…Boy ngalih ninggalno de’e (paling-paling nang mejo makan maneh njupuk panganan…)

Tambah bengi arek-arek wis akeh sing pamit mulih.
“Ayo, Prita, kita pulang sekarang… kamu bareng sama aku kan?” ajak Anya.
“Oh, enggak, Nya…aku dijemput Mas Bimo…thanks,” tolak Prita.
“Oke..kalo gitu, dah…semua…” pamit Anya.
“Mbak Anya…aku nunut…aku mau ke Polsek Genteng,” jare Mbak Pat ambek mbenakno kutange.

Wis jam songo luwih, wis sepi, tapi Prita durung dipapak pacare sing jenenge Bimo iku.
“Kok belum dijemput, Prit?” takok Boy.
“Eh…anu…iya… Mas Bimonya lagi ada tugas rutin pemeriksaan teroris,” jawab Prita.
“Kamu telpon atau sms gitu… ini kan sudah malam.”
“Iya…sudah, tapi gak ada balesan, gak diangkat juga…”
“Ayo takanterin pulang…” towo Boy.
“Makasih, Boy, tapi…”
“Wis tah… masak kamu mau naik taksi sendiri…ayo,” ajak Boy.

Prita munggah nang tigere Boy sing wis distater. “Ngga, aku ngeterno Prita sik yo…” pamit Boy.
Boy mlayokno tigere cepet-cepet.
“Dingin Prit? Kalo dingin aku tak kalem-kalem aja,” jare Boy.
Prita meneng ae digonceng Boy, gak onok omonge.
“Mas Bimo mu wis ngabari apa belum?” takok Boy ambek ngegas tigere nang dalanan Suroboyo sing rame. Prita sik meneng ae gak onok abane. Moro-moro de’e ngrangkul Boy. Dhodhone ditemplekno nang gegere Boy. Trus pipi tengene ditemplekno nang pundhake Boy. Boy kaget. Opomaneh tangane Prita nyekeli anune, eh maksude wetenge. Boy tambah bingung…lha wong Prita dijak ngomong meneng ae…iyo nek gak semaput, pikire Boy ambek nggoceki resletinge celonone…asu ancene arek iku.
Sampek kosane Prita, Boy mandhegno tigere. Prita mudhun, Boy njagang sepeda motore. Moro-moro onok wong mudhun tekok mobil trus marani Boy…
“Bajingan kamu!,” jarene polisi iku karo ngantem raine Boy. Ambek Boy ditelak, gak kenek raine.
“Hei, jancuk…opo-opoan iki…aku bawa SIM sama STNK kok…lapo mok antem!” jare Boy.
“Tapi kamu bawa pacar saya!” jare polisi iku sing tibakno Bimo, pacare Prita.
“Sabar bos…pacarmu gak takapa-apain kok..”
“Bangsat kamu ya,” Bimo siap-siap ate ngantem Boy maneh.
“Stop!!!” Prita nengahi wong loro iku. “Mas Bimo ini apa-apaan sih? Boy ini nganterin aku karena Mas Bimo gak jemput aku, tau nggak? Ditelpon gak bisa, disms juga gak dibales…”
“Aku kan lagi ada tugas dik…”
“Tau ah… udah salah juga, malah mau mukulin orang lain,” jare Prita.
“Oo… jadi kamu ngebelain dia? Jadi bener kamu selingkuh sama bajingan ini?”
“Selingkuh apa, sih Mas? Dia ini Cuma temen aku. Cuma temen! Lebih nggak ! Puas? Lagian Mas Bimo posesif banget sih, capek tau!” jare Prita mlebu kosane ambek mbanting lawang. “JDARRRR!!!”
“Pritaaaa!!!” bengok Bimo. Tapi Prita gak noleh.
“Eh, kamu ya…aku belum selesai sama kamu!” jare Bimo.
“Kalau belum selesai bawa pulang aja mas, buat PR!”
“Kalau kamu berani macem-macem sama Prita, aku buat perhitungan sama kamu…”
“Gak takut…temanku juga banyak di gerdu…tapi hansip,” jawab Boy.
Bimo ngegas mobile banter ngliwati Boy. Boy kalem-kalem nyetater tigere, mbalik nang omahe Angga. Nang tengah dalan suarane wong tadarusan moco Qur’an samar-samar krungu tekok mesjid. Tapi kalah ambek suarane Prita sing de’e sik krungon-krungonen “Dia ini cuma temen aku. Cuma temen! Lebih nggak !”
Nek cuma temen kok pas takgonceng ngrangkul aku…nek cumak konco kok pipine ditemplekno pundhakku? Kok tangani nyekeli anuku, eh maksude wetengku…”Mbuh, ah, ngelu ndhasku,” jarene ambek mlayokno tigere koyok setan…wesss…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar