Kamis, 14 Maret 2013

Makhluk Tuhan yang Paling Nggatheli 2


Arek-arek mahasiswa anyar koncone Boy sak jurusan siap-siap ate budhal ospek jurusan. Rencanane ate kemping nang Coban Rondo. Kabeh kudu melok, soale nek gak melok engkok di-DO (mosok, se?). Mangkane kabeh kumpul sore iki nang parkiran sebelahe mesjid. Wis onok telung trek tentara sing disiapno gawe ngangkut arek kabeh.
“Perhatian…truk satu dan dua untuk maba cewek, truk tiga untuk maba cowok. Dilarang campur cowok dan cewek dalam satu truk!” mahasiswa senior bengok-bengok nggawe megaphone.
“Walah…mosok lungguh bareng nang trek ae isok meteng, cak?” saut Boy.
“Siapa itu tadi yang ngomong?” Awas, jangan celometan, ya? Kalau gak mau, silakan naik angkutan lain aja, gak usah protes!” jare senior.
“Asiik…, ayo Ngga, numpak mobilmu ae, jarene mas iku dikongkon numpak angkutan lain,” ajak Boy nang Angga.
“Sik, Boy…barang-barange awake dewe wis mlebu nang nggone trek, yok opo iki?” takok Soni.
“Yo jupuken, cuk, mosok ngongkon Bibikmu njupuk?” sentak Boy.
Soni cepet-cepet njupuki tase de’e, Boy, Angga, karo Kosim, trus dilebokno nang Nissan X-Trail-e Angga.
“Ayo, Sim, kon melok gak? Ngowo thok ae koyok kobokan cangkemmu!” Boy nyentak Kosim sing lholhak-lholhok.

Jam papat sore rombongan mahasiswa iku budhal dilepas Pak Joko, wakile kampus.
“Bapak harap, kalian sebagai generasi muda penerus perjuangan bangsa dapat terus memelihara rasa cinta dan bangga terhadap tanah air, seperti apa yang telah dicontohkan para pahlawan pendahulu kita yang telah gugur mendahului kita tanpa pamrih…” jare Pak Joko ambek nangis srenggukan.
“Wong gendeng,” jare arek-arek gak ngereken.
“Sampean iku ngekeki sambutan ta upacara tujuhbelasan,” jare Boy gregeten.
Iring-iringan iku langsung budhal, ninggalno Pak Joko sing sik ngecemes ae lambene ambek nangis-nangis gak jelas.
“Jare budhal tibake teko,” Soni moco pantun.
“Opo artine?” takok Angga ambek ngegas mobile.
“Selamat tinggal Pak Joko…”saut Soni karo dhadha.
Arek-arek ngguyu ngakak…

Metu tol, pas sampek Porong moro-moro Kosim njaluk mandheg.
“Tretan, mandheg disek, yo,” jarene.
“Lapo, kebelet nguyuh ta?” takok Soni.
“Ndak, aku pengen ndelok Lumpur Lapindo. Mumpung liwat, mandheg diluk yo,” jaluk Kosim.
“Jancuk…Ndeso iki… gak usah, gak usah! Engkok kene ketinggalan ambek liane. Pas moleh ae Sim, ojok saiki!” jare Boy.
Kosim meneng ae. Cangkeme mecucu, sampek isok dikuncrit.
“Nggondhok koyok kodhok…,” gudho Boy.
“Nesu koyok asu…” tambah Soni.
“Purik koyok kirik…” saut Angga
“Ha…ha…ha…” arek-arek ngguyu kekel. Kosim mesam mesem thok koyok asu.

Mobil mlayu terus ngetutno rombongan sing nang ngarep. Sampek teko Batu, Soni kumat gatele.
“Eh, rek…gak nggolek arek wedhok ta? Nang kene aku eruh nggone cewek-cewek bokingan,” jare Soni.
“Cuk, emoh, aneh-aneh ae iki!” tolak Boy.
“Walah…murah kok, seket ewuan. Satus ewu paling gelem digawe wong papat. Engkok taknyangno,” jelas Soni.
“Cuk, cangkemmu bosok ancene, Son! Males aku…, nek ate mbalon, mbalono dewe, ojok jak-jak!” sentak Boy.
“Iyo, Soni iki…Engkok nggarai mobilku apes ae, ojok…ojok!” jare Angga.
“Nang Coban Rondo lo adhem, cak! Rugi gak onok sing dikeloni, rek!” Soni sik mekso.
“Mangkane jenengmu Soni, koyok merek sempak, lha wong pikiranmu nang sempak thok ae! Pokoke nek gak, yo gak! Nek koen sik pingin kelon yo iku kelonono Kosim ae!” sentak Boy.
Soni meneng ae karo mrengut. Atine mbedhodhog disentak Boy koyok ngono. “Koen lo sopo nyentak-nyentak aku koyok ngono,” batine de’e.
Suasana dadi rodok gak enak. Rodok panas. Kabeh meneng gak onok sing guyon…
“Nggondhok koyok kodhok…,” moro-moro Kosim muni.
Boy ngelirik Angga. Angga yo ngelirik Boy ambek ngempet ngguyu.
“Nesu koyok asu…,” tambah Kosim koyok gak duwe duso.
Boy ambek Angga wis gak kuat ngempet ngguyune.
“Purik koyok kirik…!” jare Boy ambek Angga barengan.
“Ha…ha…ha…!”
“Jancuk…asu…koen nyemoni aku yo…” Sony ngantemi lengene Kosim karo ngguyu kekel.
“Aduh…aduh…ampun, Son, ampun…guyon…” Kosim nggoceki tangane sing kelaran diantemi Soni.
“Ha…ha…ha…!”

Kabeh mahasiswa anyar mlebu nang kemahe dewe-dewe sing wis dibagi karo senior.
“Son, tasku endi, kok gak onok? Koen lali njupuk tekok trek yo?” takok Angga.
“Gak, Ngga, wis takjupuk kabeh, kok…Tasku, tasmu, tase Boy, tase Kosim, kabeh wis taklebokno mobilmu,” jare Soni.
“Kon keliru njupuk be’e, Son. Iki lo tase onok jenenge Anya, duduk Angga. Wah, soro kon iki, Son!” Angga ketok jengkel.
“Waduh, iyo, Ngga, sepurane yo…Soale kabeh tase kan seragam, ambekan mau kesusu-susu, aku gak nguwasi nek jenenge kliru.”
“Dibalekno nang kemahe senior ae, Ngga, sopo ngerti tasmu kijolan karo Anya. Ayo takterno,” jare Boy.

Moro-moro tekok speaker krungu sworo banter.
“Perhatian…perhatian…kepada semua maba diharap segera berkumpul di lapangan, acara api unggun dan makan malam akan segera dimulai!”
Arek-arek langsung ngumpul kabeh nang lapangan gawe ngrungokno instruksi tekok senior. Nang lapangan peteng ndhedhet, cumak onok api unggun sing dadi penerangane. Howone uadhem pisan, sampek akeh sing kathuken.
Moro-moro onok arek maba wedhok loro maju nang mejone senior, nggowo tas karo bisik-bisik. Ketokane arek wedhok sijine iku Prita. Gak eruh sitoke.
“Perhatian…kepada maba yang bernama Angga diharap maju ke depan. Tas kamu ketuker sama tas maba lain.”
“Ngga, cepetan jupuke tase areke,” jare Boy.
“Iya, sebentar Mas, saya ambil tasnya dulu,” jare Angga ambek mlayu nang kemah njupuk tas. Mari ngono de’e maju ngekekno tase nang senior.
“Itu bener tasmu? Namamu Anya?” takok seniore.
“Iya, mas…Itu tas saya,” jare Anya karo mrengut.
“Oalah, rek…rek…, wong ada tulisannya besar ANYA, kok ya masih keliru,” jare senior iku maneh.
“Ha…ha…ha…” wong sak lapangan ngguyu kekel kabeh. Anya raine abang kabeh ngempet isin.
“Lho, ayo kembalikan tasnya Anya, kok malah kamu pegangi terus!” jare senior.
Angga ngekekno tase Anya. Tapi durung ditampani Anya tase tibo.”Waduh,”jare Angga. Isine tas iku langsung metu kabeh. Onok suri, wedhak, jepit rambut…Anya karo mangkel ndhodhok njupuki barang-barange.
“Sini, takbantu,” jare Angga karo ndhodhok.
“Gak usah!” tolak Anya.
Tapi Angga tetep mekso ngewangi nglebokno barang-barange nang tase Anya. Moro-moro tangane nyekel barang putih, empuk koyok kapas. “Opo iki?” batine…”Hi…softex!” bengok Angga karo nguncalno barang iku.
“Lho, softexe ngglundhung!” bengok Boy.
Arek-arek sak lapangan tambah ngguyu kemekelen. Anya sing kisinan langsung mlayu nggowo tase nang kemah. Prita nulungi njupuki barang-barang sisane ambek mleroki Angga.
“Mbak…roti kempite keri lo…!” jare arek-arek.
“Ha…ha…ha…” suasane tambah dadi rame karo guyune arek-arek.

Arek-arek kabeh antri mangan bengi nang mejo dowo ngarepe tenda senior. Pas ndelok panganane, Boy langsung kaget bin curiga. Ojok-ojok iki masakane…
“Ayo, antri…antri…gak usah royokan, sik akeh kok,” moro-moro Mbak Pat metu tekok tenda ambek nggowo enthong.
“Jancuk…bener kan perkiraanku. Asu…nang kampus mangane Mbak Pat, nang kene mangane Mbak Pat pisan. Gak onok katering liane, ta?” takok Boy.
“Gak usah kakean cangkem, mbadhog ta gak?” Mbak Pat jual mahal.
“Mangan, cuk! Timbangane kaliren gak onok sing dibadhog!” Boy rodok mangkel, tapi yo tetep njupuk sego.

Mari mangan acarane istirahat. Angga mbisiki Boy,”Boy, aku gak enak ambek Anya, ketokane areke sing ngamuk. Terno po’o, aku ate njaluk sepuro.”
“Ayo, engkok njaluk tulung Prita ae. De’e kan koncone Anya,” Boy langsung tangi.
Arek loro iku langsung nang nggone tendane arek wedok. Boy langsung nyeluki Prita.
“Prit…Prita…kamu belum tidur kan…” Boy bisik-bisik nang pinggire Tenda, ndelik nang mburine uwit, wedi ketok senior.
“Belum…siapa, tu?” takok Prita tekok njero kemah.
“Aku, Boy…kamu keluar bentar ya, ada perlu penting nih.”
Prita metu tenda ambek tolah toleh, soale peteng. Boy langsung methuki ambek Angga.
“Ini, lo, Prit…Angga mau minta maaf sama Anya. Dia gak bisa tidur kalo belum minta maaf katanya. Kamu panggilin Anya, dong,” jare Boy.
“Ya udah, gua coba ajak dia keluar ya, tunggu bentar.”
Prita ngrayu Anya cek gelem metu. Tapi Anya gak gelem. Akhire Prita nyerah.
“Boy, Anya nggak mau tuh. Besok aja ya Ngga, ntar aku rayu dia lagi deh biar mau maafin kamu…” jare Prita. Tapi Angga gak gelem. De’e langsung mbengok
“Anya…aku mau minta maaf sama kamu. Kamu keluar dong!” Angga mbengoki tekok njobo.
“Aduh…siapa sih itu teriak-teriak di luar!” jare mbak senior tekok njero tenda.
“Anya, aku serius, nih…Kalo kamu gak mau keluar, biar aku yang masuk!” Angga rodok esmosi.
“Ngga…Ngga…ojok gendeng koen!” Boy nggoceki tangane Angga. Tapi telat, Angga wis nekat mlebu tendane arek wedhok. Boy ketarik mlebu pisan.
“Aaaa….ada cowok…keluar…keluar…!” mbak senior sing lagi ganti klambi jerit-jerit ambek nutupi dhodhone sing kutangan thok karo selimut. “Kurang ajar, gak duwe aturan…Tolong…!”
Spontan suasana dadi rame. Senior lanang-lanang langsung teko ambek ngamuk-ngamuk.
“Onok opo iki?” jare Mas Bayu, ketuane senior. ”Arek loro iki maneh!”
“Arek loro iki kurang ajar, mas! Masuk tenda cewek malam gini!” jare arek sing ganti klambi mau.
“Iya…tolong…mereka mau memperkosa saya. Mereka mau merampas kesucian saya…” jare Mbak Pat ambek nutupi wajahe.
“Cuk…sampean lo wis gak prawan…” sentak Boy.
“Sudah, sudah! Kalian berdua dihukum gak boleh tidur di tenda. Kalian harus tidur di lapangan dekat api unggun. Titik!” hukum Mas Bayu.
Angga ambek Boy dikeler metu tenda koyok tahanan Medaeng. Melas, cak…
“Alhamdulillah…untung kesucianku tetap terjaga,” jare Mbak Pat cuek. Cewek-cewek langsung kudu mutah kabeh.

Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang.
“Ealah, Sim… mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emoh…tibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha…”
“Cuk…iku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga!” Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae.

Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, ”Ayo, metu! Kon iki mokong yo…Wani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu!”
Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget.
“Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan,” Kosim alasan.
“Iya, Mas…saya lho gak ikutan minum,” jare Soni.
“Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!”
Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. “Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi!”
“Anak-anak jaman sekarang itu ya…,” Mbak Pat manas-manasi, “Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan,” jarene.
“Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior,” batine Boy, “Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna!”
“Opo’o Boy?” takok Angga.
“Gak…gak po-po…” jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,”Oh…sik onok barange…”

Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cak…Koyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan.
Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono.
“Lho, Prita, ngapain kamu?” takok Boy.
“Ssssstt…ini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya…” jare Prita.
“Kalian nggak pake selimut?” takok Boy.
“Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya..., ayo semuanya…”
“Wenake rek…nyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok po’o” jare Soni.
“Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga,” jare Boy.
“Cuk…gak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus iki…Ayo sayang, kene tak keloni,” jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior.

Isuk wis teko, srengengene wis mlethek.
“Ayo, tangi-tangi!” Boy digugah senior, “Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki!”
Boy angop ambek mullet,”Wuuaahh…wis isuk rek, weteng luwe pisan.” Jarene.
“Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi!” Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone.
Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda.
“Boy nang endi Son?” takok Angga.
“Emboh, ngising paling…”jawab Soni sak kecekele.

Boy mlayu-mlayu nemoni Prita ambek nggowo bungkusan.
“Ada apa, Boy? Kok gitu wajahmu,” jare Prita.
“Enggak…nih, aku bawain jatah sarapan pagi kamu sama Anya. Ada dua bungkus, tapi sembunyiin dulu, jangan sampe ketauan senior. Entar aku dihukum lagi!”
“Iya…iya…makasih ya Boy!”
Boy mlebu nang tenda lanang ambek ngos-ngosan.
“Ngising nang endi, koen?” takok Soni.
“Ngising mattamu, yo! Iki lho njupukno jatah sarapanmu!”
“Wah, koen iki ancene konco paling uapik kok, Boy!” jare Soni ambek njupuk sego bungkusane.
“Gathel! Nek onok butuhe ae aku mokelem-elem! Tapi mangane engkok ae bareng liane, rek,” jare Boy.
“Arappa?” takok Kosim.
“Wis, ta, ojok nyocot ae!”

Jam wolu pas, acara sarapan dimulai. Kabeh oleh jatah sego bungkusan. Pas mari mangan moro-moro akeh sing wetenge loro, embuh kenek opo.
“Mas, perutku sakit…,”jare arek-arek.
“Iya, mas, jadi kebelet be’ol nih,” jare liane.
“Iya, ada apa dengan makanannya nih, perutku juga mules,” jare Mas Bayu.
“Makanannya mungkin, Mas. Mungkin masaknya kurang higienis,” jare Boy, “Sopo sih sing masak?”
“Mbak Pat,” jare arek-arek.
“Mbak Pat disuruh masak…Emangnya dia tau expired date itu apa, higienis itu apa…Nggak nyalahin Mas, kalo sekarang banyak anak-anak yang rebutan ke toilet,” jare Boy.
“Ya ampuun, sumpah, aku juga gak ngerti kenapa jadi begini,” Mbak Pat setengah nangis ndelok akeh arek sing kecirit-cirit.
“Mangkane ta, Mbak Pat nek mari ogok-ogok upil iku tangane diwisuhi…ojok langsung digawe masak,” nasehat Boy.
“Iyo…nek mari garuk-garuk daerah sensitif iku tangane dicuci bersih dulu…” tambah Soni.
“Iyo…nek masak ojok dicampuri minuman keras!” jare Kosim sing sik loro ati bir iteme ditenggak Mbak Pat.
Mbak Pat nangis karo mancal-mancal. De’e stress bengok-bengok.
“Gak usah nangis…tambah elek,” Boy cekikikan karo Soni.
“Iyo, tambah mirip karo bedhes Coban Rondo!”

Boy ngajak Angga marani Prita ambek Anya. Soni wis ucul dewe karo Kosim nggolek nggon gae mendem.
“Prit, daripada disini ngeliat orang-orang sibuk rebutan toilet, kita pergi ke air terjun yuk?” ajak Boy.
“Iya, ayo Anya, aku juga bingung kok tiba-tiba banyak orang sakit perut ya,” jare Prita. “Tempatnya jauh nggak Boy?”
“Enggak, kok…jalan kaki paling sepuluh menit,” jare Boy.

Arek papat iku mlaku mudhun nang air terjun Coban Rondo. Selama perjalanan wis nemoni wong papat sing bingung golek nggon ngising nang semak-semak.
“Ngapain mas jongkok di situ?” takok Boy.
“Eh…lagi nyariin hape…tadi jatuh di sini,” jare mas senior.
“Nyariin hape kok cuma jongkok di situ, mana bisa ketemu!”

Boy, Angga, Prita, karo Anya mlaku terus nang air terjun.
“Itu, Boy, air terjunnya kelihatan!” bengok Prita.
“Ayo kita dulu-duluan ke sana, yang kalah gendong ya!” jare Boy ambek mlayu.
“Boy…kamu curang!” Prita melok mlayu pisan nguber Boy.
Garek Angga ambek Anya thok mlaku kalem-kalem nang mburi.
“Koyoke arek loro iku cocok nek pacaran, yo Nya?” takok Angga.
“Hus! Prita lo wis duwe pacar. Pacare polisi, lo Ngga!” jare Anya.
“Iyo, ta? Tak pikir Prita iku sik durung duwe pacar, tibake pacare polisi,” Jare Angga. “Nek koen Nya, wis duwe?”
Anya meneng ae. Trus ndhase gedheg-gedheg.
“Nek Boy…wis duwe pacar durung, Ngga?” takok Anya.
“Durung nduwe…Emboh Boy iku, padahal raine lak ngganteng, mesti akeh cewek-cewek sing seneng karo de’e. Gak koyok aku,” jare Angga setengah putus asa. (Janciik…Boy ae diwara ngganteng, nek jare mirip Christian Sugiono iku lak jarene de’e dewe. Asline lo luwih mirip Chris John.)
“Opo’o koen?” takok Anya.
“Raiku lo gak masuk itungan blas,” jare Angga.
“Jare sopo…koen lo Ngga luwih dhukur timbang Boy, luwih atletis, gak kakean model, rupamu yo mirip Afgan…”
“Koco motone thok!” saut Angga.
“Nggak, maksudku…kan gak setiap cewek suka type cowok yang sama, Ngga,” jelas Anya.
“Lha nek dikongkon milih aku opo Boy, koen seneng sopo?” takok Angga.
Anya langsung mandheg. Kaget ditakoki Angga koyok ngono.
“Koen luwih seneng Boy, kan?” takok Angga.
“Enggak…Boy lo kelakuanae koyok wong gendeng… sunggoko jare aku, yo mendingan koen,” jare Anya.
“Maksudmu koen seneng karo aku?” takok Angga.
“Gak ngono, maksude nek dikongkon milih, aku ancen milih koen, tapi gak berarti aku gelem…”
“Gak perlu dijawab saiki, kok, Nya,” jare Angga ambek mencolot njabut kembang nang pinggir kali.
“Gak popo kembang iki takdeleh nang rambutmu?” takok Angga.
Anya mesem thok karo manthuk.
“Hayo…pacaran yo!” getak Boy karo Prita tekok mburi. Klambine arek loro iku teles kebes kabeh, paling mari sirat-siratan banyu nang air terjun.
“Iya, nih…pake acara nyelipin kembang di rambut segala. Romantis banget kayak sinetron kejar tayang,” jare Prita.
Angga ambek Anya kisinan, cumak mesam-mesem thok koyok maling konangan nyolong. Moro-moro Boy mencolot nang kali njupuk kembang pisan, ate dikekno Prita karepe.
“Prit, tak taruh di rambutmu ya, kamu pasti cantik,” jare Boy ambek ndeleh kembang, tapi tangane langsung disampluk Prita. Kembange tibo nang kali terus kintir kegowo banyu kali sing bening. Boy meneng ae ambek ndeloki kembang sing kintir iku. Terus de’e ndeloki Prita. Prita cumak ndingkluk ae gak wani ndelok motone Boy.
“Aku tau Prit…,” jare Boy.
“Tau apa, Boy?”
“Polisi itu kan,” jare Boy.
“Kamu sudah tau, Boy?” takok Rita lirih.
“Ya wis…ayo kita kembali ke kemah, pasti sudah ditunggu yang lain,” jare Boy ambek mlayu banter ninggalno arek telu iku.
“Boy!” Prita mbengoki Boy. Raine ketok mbrabak. Tapi Boy wis mlayu adoh ninggalno kabeh.
“Sudahlah…ayo, Prit,” jare Anya ambek ngerangkul Prita mbalik nang kemah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar