Kamis, 14 Maret 2013

Makhluk Tuhan yang Paling Nggatheli 4


Boy, Sony, karo Kosim ngowo thok ndeloki omahe Angga sing guedhe iki. Awan iki are-arek ancen niat dolin nang omahe Angga. Omahe rong kapling nang daerah Galaxy, Surabaya Timur. ck ck ck… mobile sampek gak cukup nang garasi. Onok ji, ro, lu, pat, mo, nem, pitu, wolu, songo… “Masak-alah iki omah ta showroom mobil,” pikire Boy.
“Jancuk, omahmu gedhene, Ngga. Koyok omahe Michael Jackson,”jare Sony.
“Sekolah nang ndesoku ae kalah gedhe,” jare Kosim ambek mbayangno sekolahe sing remek kabeh nang Meduro, ngenteni dana tekok SBY.
“Omahe ebesku, duduk omahku,” jare Angga.
“Podho ae,” jare arek-arek.
“Mobil sakmono akehe iku digawe kabeh, Ngga?”
“Iyo, onok sing digawe Papa, Mama, adikku, pembantu.”
“Cuk, babumu lo uripe luwih mulyo timbangane Kosim.”
“Aduh, Nyah…mbok dipasang eskalator mawon timbangane kulo munggah mudhun terus, pegel,” jare babune.
“Leres, Nyah, kados teng Carrefour niku lo…enak… Kamar kulo AC-ne nggih mati Nyah, ongkep nek dalu,” jare babu liyane.
“Asu…kamare babu ae dikeki AC… kos-kosane Kosim po-o, kipas angine sempal kabeh. Isok muter tapi limolas menit thok, trus matek sampek isuk…” jare Boy.
“Ma, iki konco-koncoku kuliah…kenalno rek…iki Mamaku,” jare Angga.
“Oh, iya…saya Mamanya Angga, ini sapa? Boy? Ini Sony… lha ini yang kecil?”
“Kosim, Tante,” jare Kosim.
“Kosim? Koyok nama tukang kebon kita dulu yo Ngga…ayo, Ngga, koncomu dijak mangan disek..ketoke kok kaliren si Boy iki,” jare Mamane Angga dengan ramah.
“Cuk, asu, eruh ae Mamane Angga iki,” batine Boy.
“Wadadah...nambahi penggawean ae,” jare babune sing semlohe ambek nyepakno mangan.
“Ngrusuhi wong fesbukan ae,” jare babu liyane karo ngetokno blackberry-ne. Cuk… atase babu ae nggawe BB, hape-ne Kosim ae model lawas sing layare monochrome cumak abang thok, trus suarane yo monophonic, keypad-e opo maneh…gak onok sing ketok hurufe, wis nglenthek cet-e.
“Ayo, makan dulu, gak usah malu-malu. Tante tinggal ya.” Pamit Mamane Angga.
Arek-arek kaget ndelok panganan nang mejo. Sony karo Kosim sing model kos-kosan langsung nyarap koyok kere gak menangi mulud. “Cuk, panganan sakmene akehe, koen kok yo gak lemu-lemu se Ngga? Enak-enak pisan…koyok nang acara mantenan ae,”jare Sony ambek njupuk lidah asap.
“Ngga. Nek gak entek, takgowo mulih yo, gawe nang kos-kosan,” jare Kosim ambek njupuk lobster.
“Cuk, ojok ngisin-isini koen, Sim.” Boy ipok-ipok jaim, padahal de’e yo kaget ndelok panganan sing koyok nang hotel iku.
“Aduh-aduh…arek-arek iki cik akehe wong mbambung nang wetenge,” jare babu sing untune mrongos ambek ngetokno pai apel gawe dessert.
“Nggacor ae, juragane lo gak protes. Awakmu atase babu ae kakean cocot,” jare Boy.

Mari mangan arek-arek munggah nang kamare Angga.
Nang kamare Angga, opomaneh... AC, home theater, Tv kabel, wis ta…koyok hotel bintang lima temen. Onok Gym-e pisan… kelas temenan…
“Wah, sangar, Pak, onok kamar mandi dalame pisan… nek nggowo cewek isok langsung jret-jret,” jare Sony sing uteke mesum.
“Asu, iki pikirane lak konokan tok ae,” jare Boy ambek langsung ndeloki koleksi dvd-ne Angga.
“Bokepe onok gak Boy?” takok Sony.
“Sik talah…aku yo nggoleki iki lo…”jare Boy.
Kosim wis kungkum nang bathtub …wenak pak…timbang nang kosan, adus ae antri, ngising ae gentian.
“Sim, nek ate kungkum nang kolam renang ae,” jare Angga.
“Onok ta?” takok Kosim.
“Onok , nang mburi. Ayo nek kepingin…”
“Aku melok!” jare Boy.
“Son, koen nek nyetel BF suarane offno yo, ngkok krungu pembantuku nek kebanteren,” jare Angga.
“Oke bos…Miyabi…I’m coming…”jare Sony. Bedhes iku seneng atine koyok ketiban duren.

Mari kuliah, Boy, Angga, Sony, karo Kosim cangkruk nang parkiran. Males ate cangkruk nang kantin. Mblenek ndelok raine Mbak Pat.
“He…rene lo…lapo cangkruk nang kono…nang caféku kene lo!” Bengok Mbak Pat.
“Moh…bosen, ndelok sampean thok…gak onok hiburane blas,” jare Boy.
“Oalah, pingin hiburan to…jadi aku mokkongkon striptis,gitu? ah…jadi malu…” jare Mbak Pat ambek nutupi raine.
“Cuk…jancuk….rai koyok cithakan apem ngono kok yo sik kemayu…” Boy gregeten.
“Tapi body gue seksi kan…kayak maia ratu…” Mbak Pat pamer bangkekane ambek motone kethip-kethip.
“Iya…kayak mayat asu…” jare Sony.
Arek-arek gak ngurus Mbak Pat sing ngosek-ngosek nang cagake warunge koyok penari striptis.
“Enak yo Ngga, awakmu…opo-opo wis cemepak, sembarang wis tersedia. Mobil garek milih, mangan garek nyidhuk, duwik garek nggunting,” jare arek-arek.
“Yo… yo-opo maneh, onoke yo iku… mosok ate gak digawe” jare Angga.
Rumongso gak direken arek-arek, Mbak Pat semakin berani. awake digrujuk karo banyu sak ember cek timbul efek kaos basah. Arek-arek tambah gilo, gak terangsang blas.
“Ebesmu kerjone opo se, Ngga?” takok Sony.
“Yo pengusaha biasa. Eh,sik yo hapeku muni.” Angga nompo telpon nang hapene.
Mbak Pat sing gak direken arek-arek tambah kesetanan. Kaose dibukak garek kutangan thok ambek mendesah-desah koyok wong kepedesen.
“Eh, rek, aku disikan yo…ate nang rumah sakit, ebesku mlebu UGD. Iki adikku sik tas telepon,” pamit Angga.
“Yo wis, ayo ngalih pisan, timbang nang kene ndelok wong gendeng kutangan thok.”
Mbak Pat muangkel ndelok aksine gak dianggep arek-arek. Malah arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah ngelokno.
“Wong gendeng…wong gendeng…wong gendeng…”
Mbak Pat langsung muntap dilokno arek cilik-cilik. “He, kirik kabeh. Gak tau diajar wong tuone yo!!!” jarene ambek nyawati arek-arek mau karo piring plastik “Ojok mlayu koen, kene...taknyunyuk rokokku iki!”
“Wong gendeng ngamuk…wong gendeng ngamuk…” jare arek cilik-cilik karo mlayu sipat kuping.

Wis telung dino sejak kedadian wingi iku Angga gak tau ketok nang kampus. Hapene yo gak isok dihubungi. Arek-arek yo gak onok sing eruh.
“Koen gak eruh ta Boy? Takok Sony.
“Embuh, Son…de’e gak pamit…koen gak dipamiti Nya? Takok Boy nang Anya.
“Gak iku Boy, hapene yo mati terus, jare Anya.
“Iyo Mbak Anya, hapene mati terus biasane lo Mas Angga sms aku, takok sudah makan belum? Kalo tidur jangan malam-malam,” jare Mbak Pat
“Taek, iyo,ta?” takok Boy gak percoyo.
“Jancuk, lapo aku mbujuki…iki lho sms-e nek koen gak percoyo,” jare Mbak Pat ambek nduduhno hapene.
“Iyo-e…aku gak nyongko nek Angga onok hubungan khusus karo sundel bolong iki…,”jare Boy. “Tapi, sik…iki duduk nomere Angga…iki nomere Kosim…iyo…Sim iki lak nomermu se?”
Kosim manthuk ambek ngempet ngguyu…
“Oo…dadi selama iki duduk Mas Angga sing sering sms aku… oo…tibake asu iki…jare Mbak Pat ambek mlayu karo nyincing roke nguber Kosim sing wis mlayu ndisiki. “He asu, mandeg koen…tak tampeki kene raimu… nggarai wong tuek ae penggaweane… telok lemak sempel iku…” Mbak Pat bengok-bengok.

Boy mlayokno tigere mulih, tapi moro-moro de’e kepikiran Angga. Pasti nang lapangan basket biasane Angga latihan. Pas tekok nggone Boy ndelok Angga latihan basket dewekan.
“Ngga!!!” bengok Boy.
Angga noleh tapi meneng ae gak ngereken Boy.
Boy marani Angga nang tengah lapangan.
“Ngga…koen nang ndi ae se, gak tau ketok…gak isok ditelepon…” jare Boy.
“Duduk urusanmu Boy,” jare Angga ambek terus latihan.
“Koen lagi onok Masalah ta?”
“Duduk urusanmu, cuk!” Angga emosi ambek nguncalno bal basket.
Boy kaget dipisuhi Angga, tapi de’e meneng ae…”Yo wis, nek koen pingin ngomong, aku nang sebelah kono ngisore Papan skor,” jare Boy ambek mlaku nang pojokan.
Gak tapek suwi Angga marani Boy lungguh nang jejere.
“Sori, Boy… aku lagi sumpek,” jare Angga ambek ndingkluk.
“Gak popo, Ngga… nek koen lagi gak pingin ngobrol yo gak popo. Arek-arek cumak kuwatir kok…” jare Boy ambek nyumet rokok.
“Boy…koen eling pas aku ditelpon adikku dikongkon nang rumah sakit… Pas iku Papaku hb-ne rendah…terus harus transfusi darah gawe menaikkan hb-ne de’e. Pas iku aku ate donor, tapi… tibake golongan darahku seje karo Papa. Padahal aku ambek Mama ambek adikku golongan darahe seje pisan. Papaku A, adikku B, Mamaku B, lha aku O…sampek omah, Mama takdhedhes taktakoki opo’o golongan darahku seje dewe? Pertamane Mama gak gelem ngaku. Tapi takdhedhes terus akhire Mama ngomong nek aku iki duduk anak kandunge Mama Papa.”
“Heh?!!” Boy kaget. Rokoke langsung dipateni.”Mosok?”
“Iyo Boy, bapak ibuk kandungku wis mati kit aku umur setahun nang Kalimantan. Aku dipek anak karo Papa Mama sampek saiki...”
Boy meneng ae gak eruh ate ngomong opo.
“Adikmu?”
“Adikku anak kandunge Papa Mama, Boy… mangkane aku sumpek nang omah, Boy… aku kepingin eruh kuburane wong tuo kandungku, paling gak eruh fotone lah… tapi Mama ngomong gak eruh nang ndi kuburane opo maneh nduwe fotone,” jare Angga ambek motone mbrabak..
“Pirang dino koen gak mulih omah?” takok Boy.
“Rong dino iki…”
“Koen turu nang ndi, Ngga… nang omahku ae yo..”
“Gak wis Boy… suwun yo… omongno arek-arek aku njaluk sepuro…” jare Angga ambek ninggalno Boy. Boy sik thenger-thenger shock…

Sampek omah Boy langsung nggoleki Umik.
“Umik… Umik…” bengoke gak ndelok Yu Mi sing lagi kelesetan nang jubin langsung keidek-idek Boy.
“Aduh…Mas Boy niki yok nopo se…gak ndelok wong kelesetan ta?” protes Yu Mi ambek nyekeli boyoke.
“Mangkane ta… kelesetan kok nang tengah dalan. Takpikir keset mau. Umik… Umik….” Boy bengok-bengok.
“Walah… onok opo se? bengak bengok koyok nang terminal ae..!” jare Umik metu tekok jedhing.
“Mik… aku saiki takok nang Umik, jawaben sing jujur sejujur-jujurnya yo…”
“Takok opo koen?Arek iki kesambet opo se Yu Mi… kok moro-moro ngomong gak jelas ngene?” jare Umik.
“Aku iki anake sopo?”
“Anake sopo yo-opo? Gendeng arek iki wisan…” jare Umik.
“Wis ta jawaben… aku iki anake Umik ta duduk?”
“Duduk… koen lo mlethek tekok watu… sempel arek iki. Sing nggembol koen sangan wulan lo, aku...yo-opo arek iki,” Umik tambah bingung.
“Temen ta Yu Mi… temenan aku iki anake Umik karo Abah?” Boy takok nang Yu Mi.
“Sampean dibujuki Umik…asline sampean sing nemu aku nang tempat sampah ngarep diwadahi kresek abang dieker-ker kucing,” jare Yu Mi.
“Yu Mi… takjejek temen lo cangkemmu!” sentak Umik.
“Buk…eling…sampean wis hajjah… nek ngomong ditoto… disampluk moloekat mengke…” jare Yu Mi.
“Lha koen nggarai aku stress ae,” jare Umik.
“Wis talah… aku iki anake sopo??” Boy ngotot.
“Yo anakku…arek iki droko gak ngakoni wong tuane. Ate dadi maling kondang (maksude Malin Kundang) ta koen.? Yu Mi… album foto cilikane Boy gowoen mrene! Cek ndelok dewe arek iki cilikane biyen…” jare Umik.
“Walah buk… sampun mboten wonten…” Yu Mi njawab enteng.
“Gak onok yo-opo se.. mok deleh endi kabeh?”
“Kulo buwak sedoyo buk… fotone elek-elek… gambare lo hitam putih sedoyo, jare Yu Mi karo njabuti rambut keleke. Kemproh ancene Yu Mi iku.
“Koen iki gendeng kok ancene Yu Mi… foto jaman biyen yo hitam putih kabeh, goblok. Gak onok sing berwarna. Endi saiki albume!” Umik emosi ndelok kelakuane Yu Mi.
“Tenang ae buk.. albume mpun kulo ganti sedoyo fotone kalian foto artis-artis. Sae-sae buk sedoyo berwarna…”
“Koen iku sekarat ancene Yu Mi… lapo album keluarga isine mokganti fotone Sahrukh Khan, Aksay Kumar, Sri Devi…”
“Kulo lo mboten seneng artis Indonesia buk… sering kawin cerai,” Yu Mi membela diri.
“Umik golongan darahe opo?” takok Boy.
“Aku lo golongan darah O, podho karo koen. Abahmu golongan darahe A.” jelas Umik.
“Kulo golongan darah rendah,” jare Yu Mi.
“Gak ngurus raimu,” sentak Boy.
“Mbuh…pokoke aku ate tes DNA !” Boy mekso.
“Tes DNA? Tes Opo iku koyok tes SIM ngono iku ta? Gawe opo?” takok Umik.
“Buk…buk…ndeso. Kados sing teng sinetron niku lo… Luna Maya dites DNA, damel mestekno anake niku bapake Ariel nopo mboten?” jelas Yu Mi.
“Lho… Luna Maya wis rabi karo Ariel ta?” takok Umik.
“Walah…niki sinetron… mboten temenan…Anake niku dites DNA, bapake Ariel nopo Raffi?”
“Lho Raffi iku karo Yuni Shara… gak karo Luna Maya yo, goblok ancene koen iku, Yu Mi,” jare Umik.
Boy ndhase tambah mumet. Moro-moro Abah metu tekok kamar. “Opo ae se rek, kok rame ae kit mau?” jarene.
“Bah, aku iki anake Abah ta duduk?” takok Boy.
“Nasi uduk? Moh…aku gak seneng.” Jare Abah.
“Oalah yo… ancene budheg…” jare Boy.
“Gudheg? Gelem aku Boyo. Endi kene?”
Boy langsung mlayu nang kamare karo nutupi kupinge.

Boy, Sony karo Kosim isuk iki nang rumah sakit Karang Menjangan. Nemoni dokter gawe tes DNA.
“Jadi Mas mau tes DNA?” takok doktere.
“Iya, dok… saya mau cocokkan DNA saya dengan ibu saya,” jare Boy.
“Kenapa kok gak yakin kalau mereka ayah ibu kandungmu?” takok doktere.
“Ya… soalnya saya kan ngganteng, lha Umik sama Abah itu wajahnya biasa-biasa, gak mirip blas,” jare Boy mekitik koyok asu. Doktere cumak ngempet ngguyu ndelok asu iku.
“Oke…tapi biayanya mahal, lo…”
“Ehm…berapa dok?”
“Ya…puluhan juta,” jare doktere.
“Heh??? Duwik kabeh opo dicampur godhong? Yang bener dok?”
“Iya, memang mahal, karena peralatannya pun mahal.”
“Duwik gambar gareng…orang operasi bibir sumbing adiknya Kosim aja gratis…Masak gak ada diskon se Dok?” jare Boy.
“Ya…teknologi memang mahal…”
Boy langsung nyeluk Kosim, nyilih kartu gaskin sing mesti digowo Kosim nang endi-endi.
“Kalo pake kartu gaskin ini gak bisa dok. Ini kan untuk keluarga miskin? Masak gak ada keringanan?” rayu Boy.
Doktere cumak godheg-godheg.
“Wis Boy, prikso nang puskesmas nggonku ae, nang Burneh. Murah, isok mbayar nggawe telo opo pohong,” jare Kosim.
“Mattamu Sim, iyo nek prikso watuk opo pilek. Iki lo tes DNA!”
“Lha iya Boy… aku yo pernah periksa ndek kono… lengkap kok, onok alat SPG gawe ndelok bayi nang weteng,” jare Kosim.
“USG… goblok….wis – wis, mulih ae… larang perikso nang kene,” Boy ngejak arek-arek nyingkrih.
“Iyo,” jare Sony, “Nang wong pinter ae, Boy. Onok dukun nang Lumajang isok ndelok, Boy.”
“Jancik…iki maneh…laopo mblakrak sampek Lumajang barang…”
“Iyo, Boy… wong bibikku ilang lo isok ketemu maneh karo pamanku gara-gara dukun iku. Mosok nggoleki wong tuo aslimu thok ae gak isok,” jare Sony.
“Bibikmu lo ancen minggat, gak tau diopeni pamanmu.”
Wis, talah … gak athek tes DNA, TNT, BCA… wis pokoke garek nggowo kembang telon karo endok pitik kampung thok. Wis ketemu,” jelas Sony.
“Moh, raimu gendeng cuk… sirik iku,” tolak Boy.
“Iyo, sirik tanda tak mampu,” jare Kosim.
Moro-moro Mbak Pat mlebu ruang periksa.
“Dok, disini bisa operasi silikon ya?” takok Mbak Pat.
“Cuk…asu iki melok pisan,” gremeng Boy.
“Gimana dok? Saya ingin seperti Krisdayanti lo, dok… katanya dia opersai plastik juga kan.?” jare Mbak Pat ambek mbukak klambine, trus dicantolno mburi lawang. Arek-arek langsung mlayu semburat kabeh ndelok Mbak Pat kotangan thok kampul-kampul koyok wewe gombel iku. Doktere pisan mlayu ndelik nang toilet ambek mutah-mutah. Untung security bagian Poli Penyakit Jiwa langsung teko. Mbak Pat langsung diseret metu digowo nang barak.
“Sik, ta cuk…asu…ojok main seret ae. Klambiku lo keri…,” jare Mbak Pat cumak kutangan thok ambek jerit jerit. Arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah bengok-bengok maneh.
“Wong gendeng…wong gendeng…wong gendeng…,” jare arek-arek cilik iku.
“Asu… ancene arek SD saiki mokong-mokong…”
Dino iku, Angga ambek Boy, Sony, karo Kosim pisan cangkruk nang lapangan basket.
“Dadi koen sik durung mulih nang omahmu blas Ngga?” takok Boy.
Angga godhe-godheg
“Mon tedhung na kemma, Ngga?” takok Kosim.
“Ojok nggawe boso planet ta cuk,” Boy protes.
“Tidurnya itu lo dimana? Boy iki emosian,” jare Kosim.
“Lha koen nggawe boso Inggris Temor ngono,” jare Boy.
“Aku tidur di hotel,” jare Angga.
“Wenak, cuk… onok hostes-e gak, Ngga? Purel, purel, nek gak ngerti hostess,” takok Sony.
“Cuk…sempak sitok iki gak ngerti nek koncone kesusahan… balon thok ae sing onok nang utek-e,” sentak Boy.
“Yo untunge kartu kreditku akeh, dadi aku gak repot.”
“Turu nang omahku yo gak popo kok Ngga, timbangane duwikmu entek,” jare Boy.
“Suwun Boy, gak usah… cumak masalahe engkok nek duwikku wis entek yo-opo iki,” jare Angga.
“Yo gampang… njaluk ae nang Papamu… de’e kan sugih. Duwike lo gak entek gawe tujuh turunan tujuh tanjakan,” jare Boy.
“Moh, aku gak gelem njaluk duwik maneh…Papa Mama jahat kabeh, mbujuki aku kit cilik. Karuan aku nggolek kerjo ae.”
Moro-moro onok adike Angga, jenenge Putri, ngampiri arek-arek.
“Mas Angga…Mas Angga nang endi ae sih, Mas…” jare Putri.
Angga ngadheg trus mbentak, “ngalih-ngalih… lapo koen mrene… gak usah nggoleki aku. Aku lo duduk Masmu!”
“Mas… aku iki gak eruh opo-opo… aku yo stress sik tas ngerti nek Mas Angga iku duduk Mas kandungku. Tapi yoopo maneh?” Putri emosi pisan.
”Mbuh…mbuh.. minggir…!” jare Angga ambek metu lapangan basket
“Mas… Mama saiki iku nang rumah sakit… nggoleki sampean terus!” Putri mbengok karo nangis.
“Gak ngurus…”jare Angga ambek terus mlaku nang parkiran.
“Mas… Mama iku telung dino iki wisan gak gelem mangan, gak gelem ngomong, njaluk ketemu sampean thok. Sampean kok jahat se?” Putri marani ambek mlayu.
Angga mandheg…
“Mama iku saiki diinfus… Papa bingung nggoleki sampean hapemu mokpateni…” jare Putri.
Boy siap-siap ate ngomong, tapi cangkemme langsung dibingkep Sony. Sony eruh disaat urgen koyok ngene, omongane Boy biasane mblakrak gak karuan, padahal Boy lo cumak ate ngomong, Ngga… kancing klambine adikmu lo mbukak siji… tali kutange ketok…
“Ayo, nang rumah sakit,” jare Angga karo nyeret adike.
“Ayo melok pisan!” jare Boy ngejak Sony karo Kosim.
“Lapo melok?” takok Sony.
“Kancing klambine adike Angga lo mbukak…”

Sampek rumah sakit Angga langsung marani Mamane sing diinfus. Mamane langsung ngrangkul anake iku.
“Ma…sepurane, Ma… Mama ojok koyok ngene maneh,” Angga njaluk sepuro Mamane.
“Nggaa…koen nang endi ae, Le… turu nang endi…trus mangan opo…Koen iku anakku… Mama iki Mamamu, Le… sampek kapan tetep Mamamu… ojok lungo-lungo maneh… karuan mati ae Mama iki nek moktinggal,” jare Mamane.
“Mama ojok ngomong ngono…Iyo, ma…aku janji gak minggat maneh… tapi Mama yo gak oleh ngene maneh…,” jare Angga karo ngempet nangis ndelok Mamane koyok ngono.
“Iyo…iyo…Mama janji, pokoke koen gak minggat maneh yo,” jare Mamane ambek ngambungi Angga.
Angga gantian dirangkul Papane.
“Papa njaluk sepuro, Le, gak ngandani koen kit biyen… tapi koen yo kudu eruh nek koen iku anakku... gak onok bedane karo Putri…kabeh anake Papa Mama,” jare Papane Angga karo ngrangkul Putri pisan.
Boy, Sony, Kosim, karo suster sing ndelok cumak isok mingkem thok ndelok kedadian iku. De’e gak sido ngomong, Ngga kancing klambine adikmu lo mbukak siji… tali kutange ketok… Moro-moro onok wong wedok diseret petugas keamanan karo bengok-bengok. Wong-wong kaget kabeh.
“Tolong ..asu…kirik kabeh… aku iki gak gendeng cuk…,aku cumak pingin operasi plastik, cuk, jancuuuuk…” jare wong wedok sing diseret cumak kutangan thok iku…( koen pesti eruh sopo wong wedok iku…)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar